Abimanyu
Wayang Abimanyu Diwasa gagrag Yogya
Abimanyu (Sangskreta
Abhimanyu) iku sawijining paraga saka wiracarita Mahabharata.
Dhèwèké putrané Arjuna
lan Dèwi Wara
Sembadra. Papan dunungé ana ing kasatriyan Tanjunganom iya
Plangkawati.
Miturut
tradisi India
Abhimanyu iku putra
Arjuna karo garwané sang Subhadrā lan mula iku ditepungi mawa jeneng métronimik
Saubhadra.[1]
Dhèwèké matèni Lakṣamaṇa, putrané Duryodhana ing dina kapindho Bhāratayuddha.[1]
Nanging ing dina kaping 13, dhèwèké dhéwé gugur.[1]
Abhimanyu iku bagus banget lan garwané yaiku Uttarā, putriné Ratu negara
Wirāṭa.[1]
Putrané, sang Parikṣit bakal jumeneng dadi ratu ing Hastinapura.[1]
Gambarané
Abimanyu
Ing padhalangan,
Abimanyu iku digambarké kadidéné satriya kang bagus citrané, alus budiné,
nanging wataké getapan (gampang nesu) lan gampang mara-tangan.
Kaya ingkang rama,
Abimanyu kondhang kadidéné satriya utama sing kuat tapabratané, mula Abimanyu
klakon kasinungan wahyu-wahyu kanaréndran, kayata Wahyu Cakraningrat, Wahyu
Widhayat, wahyu Antatwulan, lan sapituruté. manut wecaning déwa sapa sing
kadunungan wahyu kasebut bakal bisa dadi naréndra gung binatara. Nanging
Abimanyu ora nganthi klakon madeg ratu, jalaran dhèwèké gugur ing paprangan ing
Tegal Kurusetra kanthi dikrocok gegaman lan dikroyok déning para Kurawa.
Dasanama
- Angkawijaya
- Partasuta
- Sumbadraja
- Aribawa
- Jayamurcita
- Arjunatanaya
- Kiritiatmaja
- Jaka Pengalasan
- Wanudara
- Pamulatsih
- Banjaransari
- Bimamanyu
Abimanyu
nalika isih bocah
Nalika isih dadi
bocah, Abimanyu klakon nyirnakaké nata ing Plangkawati, Prabu Angkawijaya lan
patihé aran Jayamurcita, kang nduwé kekarepan arep nggarwa Déwi Wara Sumbadra
kang wis diwengku garwa déning Arjuna lan peputra Abimanyu. Prabu Angkawijaya
lan Jayamurcita tiwas saka tangané Abimanyu. Sukmané manjing ana ragané
Abimanyu, lan negarané uga banjur dadi kasatriyané Abimanyu.
Abimanyu
dhaup
Abimanyu pisanan
dhaup karo Dèwi Siti Sundari (Siti Sendari), putriné Prabu Sri Bathara Kresna
ing Dwarawati. Dadi Abimanyu iku putra mantuné Prabu Kresna. Sabanjuré kanthi
sesidheman uga krama antuk Déwi Utari,
putriné Prabu Matswapati ing Wiratha, patutan siji asma Radén Parikesit iya
Paripurna kang ing tembéné jumeneng nata ana negara Ngastina sabubaré perang
Baratayuda kanthi jejuluk Prabu Kresnadwipayana, (nunggak semi karo jejuluké
ingkang éyang buyuté, Abiyasa iya Wiyasa).
Guguré
Abimanyu
Ing Perang Baratayuda,
Abimanyu bisa klakon mbedhah gelar perang Cakrabhyuha, sing dipandhégani
Pandhita Durna nadyan akhiré gugur kanthi tatu arang kranjang amarga diranjap
gegaman marang Kurawa. Mula lakon Abimanyu gugur uga asring karan
"Ranjapan Abimanyu Gugur" kang pancèn ngeres-eresi.
Abimanyu
lan Lesmana mati sampyuh
Ing peperangan, Abimanyu
wis tatu arang kranjang lan katon tanpa daya, nanging isih tetep maju. Lesmana
Mandrakumara iya Raden Sarojakusuma (putrané Prabu Duryudana,
nata Ngastina) kang kepingin mrejaya Abimanyu, banjur maju nyaketi karo nggawa
keris ligan. Keris iku arep kanggo nyuduk Abimanyu, nanging kurang prayitna.
Abimanyu tetéla isih nggagem keris Kyai Pulanggeni. Lesmana namaké kerisé
marang Abimanyu kang njalari tumekèng pati. Nanging sadurungé sukmané oncat
saka ragané, Abimanyu uga kasil nyuduk Lesmana Mandrakumara nganggo Pulanggeni
nganti Lesmana tumekaning pati. Kekaroné mati sampyuh. Weruh Lesmana
Mandrakumara mati, Jayadrata (bapa pamané Lesmana) ngepruk sirahé Abimanyu kang
wis tanpa daya nganggo gada Kyai Glinggang saéngga musthakané ajur mumur.
Abimanyu gugur ing madyaning rananggana. Para Kurawa
surak ambata rubuh. Goteking wong akèh sing matèni Abimanyu iku Jayadrata iya
Tirtanata.
Sawisé
Abimanyu gugur
Udan tangis para
pepundhén Pandhawa.
Arjuna sumpah, yèn dina iku uga ora bisa matèni Jayadrata, dhèwèké luwung
lampus dhiri. Déning para Kurawa Jayadrata diumpetaké ing gedhong waja. Dijaga
rapet, pamrihé supaya aja nganti bisa dipatèni déning Arjuna lan Arjuna dhéwé
supaya klakon "tata glondhong" lampus dhiri kanthi cara pati obong.
Nanging bab iku diwuningani Prabu Kresna (botohé Pandhawa). Jayadrata dipancing
murih ngungak kahanan njaba liwat jendhéla. Ya nalika Jayadrata anguk-anguk
liwat jendhéla kuwi, Arjuna nglepasaké jemparingé Kyai Sarotama. Ngenani
janggané jayadrata saéngga tugel thel lan sirna margalayu.
Saguguré Abimanyu,
Dèwi Siti Sendari nedya bela pati, ambyur ing pancaka utawa tumangan. Déné Dèwi
Utari sing nalika iku nembé mbobot sepuh wijining calon ratu tlatah Jawa isih
bisa digondhéli déning para pepundhèn.
Serat
kasusastran Jawa klasik
Serat
Wirayawita
Salah sijining wohing
kasusastran Jawa klasik kang nyritakaké guguré Abimanyu pengawak kusuma kang
wedi wirang wani mati iki, yaiku serat Wirawiyata. Serat arupi tembang sinom
puniki anggitané pujangga kaloka Mangkunegara IV.
Cuplikan tembang
sinom iku mangkéné : "Déné kadi Sang Partasuta, Bimanyu kala
tinuding, Mangrurah kang gelar cakra, Dening Sang Yudhistira ji, Sukaning tyas
tan sipi, Dupi rinoban ing mungsuh, Kesthi trahing satriya, Wedi wirang wani
pati, Yekti mangku tamsiling para prawira".
Kaya kawuningan,
isining Serat Wirawiyata anggitané Mangkunegara IV iku pancèn arupa piwulang
bab kaprajuritan.
Serat
Tripama
Yoganira kang para
prajurit, lamun bisa anuladya, duk ing nguni caritané, andel ira Sang Prabu
Sasrabahu ing Maèspati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung
triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama[2]
Liré lalabuhan
triprakawis, guna bisa sanès kareng karya, binudi dadya unggulé, kaya
sayektinipun duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri domas katur
ratunipun, purue sampun tetéla, aprang tanding lan ditya Ngaka nagri, Suwanda
mati ngrana
Serat Tripama uga nyiratakaké bab guguré para paraga
wayang lan nyeritakaké tuladha kang becik saking para paraga wayang: Arjuna
Sasrabahu, Patih Suwanda (Bambang Sumantri), lan Kumbakarna.
Abyasa
Bagawan Abyasa utawa Begawan Abiyasa[1]
utawa Wiyasa iku diarani sing nggubah wiracarita Mahabharata.
Miturut Padhalangan, Abiyasa iku putrané Begawan Palasara
(Parasara) lan Dèwi Durgandini, putri Wirata.[2]
Padhepokane Begawan Abiyasa ing Wukir Saptaarga.[1]Jeneng Abiyasa ing layang Mahabharata diarani Wiyasa, déné ing Padhalangan disarani Abiyasa. Nalika enomé naté jumeneng nata ing Astina kanthi jejuluk Prabu Kresnadwipayana.[1] Kejaba kuwi Abyasa uga nduwèni asma Dewayana (jalaran nduwèni sipat-sipat kang kaya déwa), Sutiknaprawa (wong kang wicaksana), lan Rencakaprawa (demen tetulung marang liyan sing lagi nandhang cintraka). Patihé asma Jayaprayitna. Garwané Abiyasa ana telu : yaiku Dèwi Ambika, atmajané Prabu Darmamuka ratu ing negara Kasi (Kasindra) iya Swantiupura, peputra Dhestharastra (Dhestharata), 2. Dewi Ambalika, rayiné Dewi Ambika peputra Pandhudewanata, 3. Dewi Datri, wanita saka keturunan Waisya (ing sekawit dadi perekané Dèwi Ambika) peputra Yamawidura (Widura).
Sawise Pandhu diwasa, keprabon Astina di pasrahaké marang Pandhu jalaran kangmasé, Dhestharastra, nduweni cacat netra (wuta). Abiyasa nuli mbanjurake anggoné mertapa ing pertapan Wukit Retawu. Kagawa saka genturing kasutapané, Begawan Abiyasa bisa priksa sadurungé winarah. Ngerti lelakon kang bakal dumadi. Yuswané Begawan abiyasa dawa banget. Miyosé barakané Resi Bisma (Dewabrata). Sedané Abiyasa ing sawisé Baratayuda kanthi dipethuk nganggo kretacahya.
Antareja
Antareja Gagrag Banyumas Antareja Gagrag Surakarta
Antareja iku putra pembarepé Raden Werkudara Bima patutan seka Dewi Nagagini,
putriné Sang Hyang Anantaboga, déwaning taksaka (ula) kang mapan ing
Kahyangan Saptapratala.
Umumé crita-crita
pedhalangan ngandhakaké yèn putrané Raden Werkudara kuwi ana telu, yakuwi
Antareja, Gathutkaca,
lan Antaséna.
Raden Antareja kasatriyané (papan dunungé) ana ing Jangkarbumi. Garwané asma
Dewi Ganggi, atmajané Prabu Gangga Pranawa, ratu taksaka ing Tawingnarmada.
Miturut padhalangan gagrag Surakarta, putrane Antareja iku arané Danurwendha,
nanging yen miturut padhalangan Yogyakarta arané Raden Puspadentha. Ing
pagelaran wayang kulit, kerep muncul bebarengan karo Raden Irawan (putra
Arjuna).
Kasektèn
Raden Antareja
kondhang digdaya, bisa ambles bhumi, ngambah njero lemah mula yèn perang
menangan. Mauné ana ngarepé mungsuh, merga ambles bumi bisa mak bedunuk metu
ing samburiné mungsuh, terus ngantem utawa nyembur saka mburi. Kasektèn liyané,
ing rananggana kalis ing pati. Matiya sedina ping pitu, yèn isih kambon lemah,
bali urip manéh. Gandheng eyangé iku déwaning ula, mula Antareja uga ndarbéni
upas (basa Indonesia: bisa) cacah telu, yakui upas
Anta, upas Warayang lan upas Pengantèn. Kasiyaté upas bisa kanggo nambani wong
lara, kanggo matèni mungsuh lan nguripaké wong mati sing durung tekan mangsané.
Kasekten liyané, Antareja ora tedhas ing saliré gegaman merga ing sajroning
kulit sajabaning dagingé nganggo sangsangan Nagakawaca, saka tilas plungsungané
Sang Hyang Antaboga. Mula yèn Antareja nuju nesu, sarirané katon ana sisiké
emas. Ing wayang gagrag Jawa Timuran, yèn nesu malah rainé malih dadi ula, lan
awaké metu sisiké.
Kaya Gathutkaca,
nalika isih bayi, Antareja uga wis tau dadi jagoné para déwa, mungsuh ratu ula
Prabu Nagabagindha lan patihé aran Rupatala saka negara jangkarbumi. Iku
gara-gara ratu ula kuwi kepingin mengku widadari Bathari Superti sing wis
kagarwa Hyang Antaboga lan peputra loro Dewi Nagagini lan Bambang Nagatatmala.
Kekarepané Prabu Nagabagindha mua mesthi waé ditolak marang para déwa, saéngga
nuwuhaké peperangan ing Repatkepanasan. Para dewa padha kasoran, banjur mintasraya
marang Sang Hyang Antaboga. Prabu Nagabagindha nuli campuh bandadyuda lumawan
Hyang Antaboga. Anggoné perang nganthi suwé banget, ora ana sing kalah-ora ana
sing menang. Saka pamrayogané Bathara Naradha, déwa ngajokaké jago anyar, yakui
bayi putrané Dewi Nagagini sing nembé dilairaké. Sadurungé diajokaké ana
paprangan, bayi dilumuri iduné Hyang Anantaboga supaya ora tedhas gegaman.
Tekan paprangan, bayi Antareja kuwi banjur dicandhak, dibanting, diidak-idak
lan dicokot déning ratu ula mau, nanging tetep teguh timbul, dalasan tambah
gedhé-tambah gedhé. Nagabagindha lan patih Rupatala akhiré malah tiwas ing
tangané satriya putrané Werkudara iku. Sukmané Prabu Nagabagindha lan Rupatala
manjalma ana anggané Antareja, ndadekaké saya sektiné satriya iki. Déning
Bathara Guru banjur kaparingan asma Anantaraja iya Anantareja utawa Antareja.
Lan negara Jangkarbumi banjur kaparingaké marang Raden Antareja minangka
kasatriyané, uga kalilan asmané nunggak semi marang Prabu Nagabagindha lan
Rupatala. Mula Antareja uga banjur kerep karan Radèn Nagabagindha utawa Raden
Rupatala.
Patiné
Antareja
Antareja pancèn
kondhang satriya sing sekti, jalaran mung kanthi ndilat tilas tepaké sikil waé,
mungsuhé bisa mati. Kasektèn iki kang gawé Prabu Kresna mikir supaya Antareja ora
susah mèlu Bharatayuddha jalaran yèn nganti mèlu perang
ora wurung para Kurawa
bisa mati mung mungsuh Antareja. Mula sadurungé perang gedhé kuwi diwiwiti,
Antareja kudu disingkiraké luwih dhisik kanthi dikon ndilat tilas tapakané
dhéwé. Ya mesthi waé Antareja uga banjur mati. Kuwi pungkasané Antareja urip
ing jagad marcapada.
Ing pedhalangan
gagrag Surakarta,
Antareja uga sinebut Antasena. Ing gagrag Jogjakarta,
Antareja béda karo Antasena.
Antaséna
Antasena
Antaséna utawa uga sinebut Anantaséna.
Teges tembung ananta yaiku tanpa wates déné sena yaiku njaga, nguwasani, kang
mimpin.
Ing pedhalangan
gagrag Jogjakarta, Antaséna iku anak ragilé Bima/Werkodara. Ibuné Dèwi
Urangayu, putriné Hyang Mintuna (déwaning iwak ing banyu tawa) ing Kisiknarmada
(muarané Gangga karo Serayu). Wiwit lair urip bareng karo ibu lan éyangé. Ing
gagrag Surakarta, Antaséna kuwi asma liyané Antareja (anak pembarepe
Werkudara).
Ing wayang, Antaséna
iku kasatriyané ing Selamirah iya Randhugumbala. Garwané sesilih Dèwi
Jenakawati, putriné Janaka/Arjuna. Satriya iki uga raket karo wuragilé Arjuna, Wisanggeni.
Antaséna ora naté
gelem nganggo basa krama, jujur, prasaja, lan kendel. Gandhèng ibuné urang,
awaké kebak sisik kang ora mempan déning gaman. Kadigdayané ana ing sungut mawa
upas kang mapan ana sangisoré irung karan sungut upas warayang lan pengantèn
lan nduwé aji-aji Cupu Maduséna sing bisa nguripaké wong kang mati ing njaba
takdiré.
Nalika Perang
Baratayudha arep diwiwiti, Antaséna ngadhep Sanghyang Wenang. Sanghyang Wenang
sabda yèn Antaséna kepengin Pandhawa menang, satriya iki kudu ora mèlu perang.
Antaséna nyaguhi kekarepané déwa. Sanghyang Wenang njaluk supaya Antaséna
ndeleng netrané. Suwé-suwé awaké Antaséna dadi cilik lan banjur muksa.
Arjuna
Arjuna (Sangskreta
Arjuna) iku sawijining paraga sajroning wiracarita Mahabharata.
Miturut crita padhalangan, Arjuna iku putra Prabu
Pandhudéwanata, ratu Astina, klawan Dèwi Kunthi
sing angka telu. Mula saka kuwi, Arjuna banjur sinebut satriya "Panengah
Pandhawa". Sedhuluré nunggal rama lan ibu ana loro, yaiku Puntadéwa
(Yudhistira) lan Werkudara (Bima). Déné, sedulur nunggal rama séjé ibu ana
loro, yakuwi Nakula
(Pinten) lan Sadewa (Tangsen). Kabèh putrané Pandhu iku disebut Pandhawa,
saka linggané tembung Pandhu lan Hawa kang tegesé
anak. Dadi cethané tembung Pandhawa iku tegesé anak Pandhu. Déné yèn miturut
layang Mahabharata, Arjuna iku saluguné putrané Bathara Indra
kang miyos saka Dèwi Kunthi srana Dèwi Kunthi mateg aji panggendhaming déwa
aran Adityahredaya (miturut Mahabharata) utawa aji Punta wekasing Rasa Tunggal
Sabda tanpa lawanan (miturut pedhalangan) paringané Resi Druwasa. Mula Arjuna
uga sesilih Indratanaya kang tegesé putrané Bathara Indra. Kasatriyané Arjuna
ana ing Madukara,
patihé asma Surata (patih Rata).
Bab
lan Paragraf
- Dasanamané Arjuna,
- Sifat Arjuna
- Lelanang ing Jagad
- Aji-aji
- Gaman
- Pungkasan Crita
- Wandané wayang
- Delengen uga
- Pranala njaba
Dasanamané
Arjuna,
Begawan Ciptaning gagrag Yogyakarta
- Janaka
- Kiritin/Walikithi
- Parta
- Pritaputra
- Permadi/Pamade
- Dananjaya
- Kumbalyali (ing padhalangan asring disebut Kumbang Ali-Ali)
- Ciptaning Mintaraga (ing lakon Begawan Ciptaning)
- Pandusiwi/Pandhuputra
- Indratanaya
- Jahnawi
- Palguna
- Danasmara
- Margana
- Gudhakesa
- Wibatsuh
- Kandhi Wrahatnala (nalika nylamur laku dadi banci)
Sifat
Arjuna
Wayang
saged dados sarana nggambaraken watak lan karakter manungsa.
Ing cariyos Mahabharata, wonten tokoh wayang ingkang nggadhahi sipat ingkang
ala lan becik. Ingkang becik inggih menika golongan Pandhawa, lan ingkang ala
inggih menika golongan Kurawa. Tokoh Pandhawa menika Yudhistira,
Bima,
Arjuna, Nakula
lan Sahadéwa.
Nanging Pandhawa ugi nggadahi sipat ingkang kir ang becik, kadosta Arjuna.
Arjuna menika
putranipun Prabu Pandhu kaliyan Dewi Kunthi, lairipun Arjuna menika kanthi
mantra Adityahreda. Lajeng Arjuna lan sederekipun merguru kaliyan Drona.
Kasilipun merguru kaliyan Drona menika Arjuna dados kesatria ingkang pinter
manah lan nggadhahi sipat ingkang tansah asih, remen tetulung, mancalaputra
mancala putri sekti tanpa aji-aji, nglurug tanpa bala.
Arjuna ugi nggadehi
sipat satriya lan nepati janji, mula Arjuna nate ngukum diri ngantos 10 taun
wonten ing alas. awit saking sipat satriyanipun Arjuna dipunsebat Lelananging
Jagad. Ananging, piyambakipun ugi nggadhahi sipat ingkang boten becik.
Upaminipun inggih menika nalika Arjuna iri kaliyan Ekalaya ingkang langkung
pinter anggenipun manah. Arjuna ugi asring ngagungaken dhiri.
Lelanang
ing Jagad
Garwané Arjuna
pirang-pirang, kabèh putri éndahing warna (ayu-ayu). Ana anak ratu, anak
pandhita, anak déwa, anak taksaka (ula), lan sapituruté. Putrané uga
pirang-pirang turta bagus-bagus, umpamané :
- Dèwi Sumbadra, peputra Abimanyu
- Dèwi Larasati/Rarasati, peputra Sumitra lan Brantalaras.
- Dèwi Srikandhi.
- Dèwi Ulupi/Palupi, Irawan
- Dèwi Jimambang, anaké Begawan Wilwuk.\/Wilawuk ing pertapan Pringcendhani peputra Kumaladéwa lan Kumalasekti.
- Dèwi Manuhara, anaké Begawan Sidanggana ing Andhongsekhar peputra Pregiwa lan Pregiwati
- Dèwi Dresanala,putrané Bathara Brama, peputra Wisanggeni.
- Dèwi Wilutama, peputra Bambang Wilugangga.
- Bathari Supraba, putriné Bathara Indra, peputra Bambang Prabakusuma.
- Dèwi Ratri (atmajané Prabu Yudhistira ing negara Mertani), peputra Bambang Wijanarka.
Ana salah sijining
wanita kang ditresnani Arjuna nanging malah dadi garwané wayang liya, yaiku Banowati.
Nanging sawisé rampung Bharatayudha, Banowati bisa dadi siji karo
Arjuna, ora kétung mung sewengi.
Satemené bojo (garwa)
lan anak akèh iku minangka gegambaran yèn Arjuna dhemen gawé lelabuhan becik
(sing dipralambangaké kadidéné putri sulistya). Mula undhuh-undhuhané uga
kabecikan sing akèh (dipralambangaké anaké pirang-pirang bagus-bagus lan
ayu-ayu). Yèn sing ditindakaké iku pakarti ala, asilé mesthi uga ala.
Arjuna wis naté
bangunaké tapa lan madheg pendhita ing Gua Mintaraga kang dumunung ing puncaké
gunung Indrakila, kanthi peparab Begawan Ciptaning iya Mintaraga. Arjuna uga
tau dadi ratu ing kahyangan Tinjomaya (ngratoni para widodara-widodari) suwéné
7 dina, kanthi jejaluk Prabu Karitin/Kariti iya Wilikithi. Anggoné jumeneng
nata ing Tenjomaya amarga Arjuna wis gawé lelabuhan becik marang para déwa
kanthi nyirnakaké kraman kang ngrabasa ing kahyangan yaiku Prabu Niwatakawaca,
ratu buta saka negara Manik Ima-Imantaka.
Aji-aji
Arjuna iku ndarbèni
enem aji-aji, yaiku:
- Palimunan/panglimunan = bisa ngilang.
- Tunggengmaya = bisa gawé banyu.
- Sepiangin = bisa mlaku tanpa napak lemah banteré pindha angin.
- Mlayabumi = bisa ngalahké mungsuh.
- Pengasihan/sempaliputri = disenengi wong akèh.
- Asmaragama/kamasutra = ngèlmu saresmi.
Gaman
- Pecut Kyai Pamuk
- Panah Pasopati
- Panah Harya Sangkali
- Panah Ardhadehali/Hrudhadhedali
- Ali-ali Mustika Ampal
- Trompet Dewadata
- Keris Pulanggeni
- Brahmasira/Agniyastra
- Panah Merdaging
- Panah Mercujiwa
- Sarotama
- Keris Kyai Kalanadhah
- Busur Kyai Gendhewa
Pungkasan
Crita
Ing Bharatayudha,
Arjuna perang tandhing mungsuh Adipati Karna. Abot rasané ati, merga dhèwèké
adu arep karo sedulur tuwa nunggal ibu séjé bapa. Nanging rasa mangu-mangu iki
bisa diilangaké déning Prabu Bathara Kresna. Arjuna banjur maju ing palagan
tandhing lawan seduluré sing diajeni. Wusanané Adipati Karna gugur ana
sajroning paprangan. Ing perang bharatayuda uga, Arjuna kèlangan kabèh
putra-putrané. Nanging putuné, Parikesit,
dadi raja ing Astina.
Sawisé perang, Arjuna pindhah dadi raja ing Buwanakeling, kang mauné dadi
kratoné Jayadrata.
Ing bubaran perang uga, kabèh bojoné dipatèni déning Aswatama.
Uripé Arjuna rampung bareng karo Pandhawa liyané munggah menyang kahyangan laku
liwat Himalaya.
Wandané
wayang
Wandané wayang Arjuna
ana lima, yaiku wanda Jimat (anggitané Panembahan Senopati lan Sultan Agung
Hanyakrakusuma),wanda Kanyut, wanda Kinanthi, lan wanda Malat. Yèn wayang
Arjuna gagrak Yogyakarta wandané ana telu, yaiku wanda Janggleng (rai lan awak
kuning/prada) kanggo adegan paseban, sedhih; wanda Yudhasmara (sunggingan rai
lan awak kuning, kanggo adegan roman (percintaan); lan wanda Kinanthi
(sunggingan rai ireng awak kuning kanggo adegan sawisé metu saka kedhaton utawa
kanggo perang).
Aswatama
Aswatama
Aswatama iku putrane Drona lan Dewi
Wilutama. Wiwit cilik Aswatama ditinggal dening ibune. Aswatama kalatih dening
Drona kaya dene Pandhawa lan Kurawa. Dheweke entuk pusaka panah sekti seka ramane, yaiku Panah
Cundamanik.
Ing perang Bharatayudha,
Aswatama ngerti pokale Prabu Salya kang mbela Pandhawa nalika dadi kusire Adhipati Karna.
Dheweke nyoba lapur marang Duryodhana, ananging raja Astina iki ora percaya.
Aswatama minggat seka Kurusetra.
Ing pungkasane
Bharatayudha, Aswatama sesidheman mlebu ing kraton. Dheweke mateni kabeh
anak-bojone Pandhawa kang isih urip. Pas arep mateni Parekesit, anake Abimanyu
iki mancal keris kang banjur mateni Aswatama.
Baladéwa
Jroning mitologi Hindhu,
Baladéwa utawa Baladewa (Sangskreta:
बलदोव)
utawa Balarama (Sangskreta: बलराम; Balarāma), kasebut uga Balabhadra
lan Halayudha, iku sadulur tuwa saka Kresna,
putra Basudéwa
patutan karo Dewaki.
Jroning filsafat Waisnawa lan sawetara tradhisi pamujan ing India kidul,
Baladewa dipuja minangka awatara ka enem saka Maha Awatara lan klebu salah siji saka 25
awatara
jroning Purana.
Miturut filsafat Waisnawa lan sawetara pandangan umat Hindhu,
Baladewa minangka manifèstasi saka Sesa, ula suci sing dadi ranjang Dewa Wisnu.
Baladéwa
jroning pawayangan Jawa
Prabu Baladéwa iku ratu ing Mandura,
putrané Prabu Basudéwa[1]
lan Dèwi Rohini kang pembayun. Rayiné nunggal rama séjé ibu ana loro, yakuwi Prabu Kresna[2]
utawa Narayana) lan Dèwi Bratajaya iya Wara Sumbadra. Nalika isih timur jenengé Kakrasana.
Prabu Baladéwa kuwi pakulitané putih (bulé), déné Prabu Kresna ireng thunteng
tekan balung sungsumé. Mula kadang loro iku banjur sinebut gondhang kinasih.
Prabu Baladéwa jumeneng nata ana Mandura
nggentèni kalenggaheni ingkang rama, Prabu Basudéwa, lan diembani patih Pragota
lan Prabawa. Pramèswariné asma Dèwi Erowati, putriné Prabu Salya ing
Mandharaka. Karo Dèwi Erawati, Prabu Baladéwa banjur peputra kakung cacah loro,
asma Radèn Wisatha lan Wimuka. Pusakané Prabu Baladéwa karan Sanjata Nanggala
lan Alugara. Pusaka iku peparingé Bathara Brahma. Nalika isih timur, para putra
Mandhura iku padha dititipaké ana ing Kadhemangan Widorokandhang, diaku anak
marang Ki Antyagopa lan Nyai Sagopi. Putra Mandhura iku padha diseduluraké karo
anaké Antyagopa yaiku Udawa, Rarasati, Pragota, lan Prabawa.
Kangsa
adu jago
Anggoné Kakrasana
(Baladewa), Narayana (Kresna) lan Bratajaya dititipaké ana Kademangan Widorokandhang
iku amrih ora konangan Prabu Anom Kangsadéwa,
nata mudha ing Kadipatèn Sengkapura. Kangsa iku putra kuwaloné Prabu Basudewa
kang lair saka garwa Dèwi Maerah kang cinidra resmi marang ratu buta, Prabu
Gorawangsa, nata ing Guwabarong, nalika Sang Dèwi lagi ditinggal tindak
mbebedhak utawa grogol ing alas déning Basudewa. Mula Kangsa wujudé iya
manungsa setengah buta: wataké wengis lan angkara murka, pingin ngendhih
kawibawan negara Mandhura. Semono uga Kangsa uga kepingin mateni putra-putrane
Basudewa liyane kang dianggep bakal ngalang-alangi gegayuhane yakuwi nguwasani
negara Mandhura. Carané: Kangsa nganakaké adhu jago. Sing dienggo totohan
negara saisiné. Jagoné saka Sengkapura (Kanoman) wujude buta gedhé apraceka
Ditya Suratimantra, dene jago saka Mandhura (Kasepuha) ora liya Brataséna.
Nalika ana adu jago iku, Kakrasana, Narayana lan Bratajaya iya nonton. Pancèn adon-adon
iku ramé banget. Saben Suratimantra tumeka pati déning Bratasena, kuwandhané
digotong terus dicemplungaké ing tlaga Banyusemangka saéngga bisa urip manèh.
Mengkono nganti wola-wali. Permadi iya Arjuna kang kawit mau ngulataké kangmasé
anggoné tetandhingan karo Suratimantra Baladéwa kondhang nduwé watak jujur lan
apa anané, nanging dhèwèké uga asring grusa-grusu lan gampang nesu. Ing
antarané keturunan Yadu, Baladewa sing paling kèri mati. Ing Bharatayuddha,
Baladewa ora mèlu.
Bisma
Bisma
utawa kawentar kanthi jeneng Resi Bisma kuwi sawijining pandhita kang
lenggah ing pertapan Ngetalkandha. Resi Bisma kuwi klebu brahmanacari utawa
abadhan wadat kang tegese Bisma kuwi ora kersa mengku garwa salawase urip.
Anggoné ora kersa mengku wanodya ora kok merga ora payu rabi, nanging merga
dhèwèké kuwi netepi ujar uni utawa netepi marang sumpah prasetyané kang wis
kaweca sineksènan marang ingkang rama saha jagad saisiné. Ing jagading
pedhalangan, akeh tinemu paraga kang asarira badhan wadat, ing antarané Radèn
Laksmanadewa iya Laksmana Widagda (adhiné Prabu Rama), lan Resi Ramabhargawa.
Mangsa
timur
Nalika isih timur
asmane Raden Dewabrata (Devavrata), putrané Prabu Sentanu ratu Astina
kaliya widodari Batari Gangga, wayahé Prabu Pratipa,
panjalmane Prabu Mahabisa. Sejatiné Bisma iku ahli warisé kraton Astina
kang nduwé hak gumanti jumeneng nata. Bisma miyos saka Dèwi Gangga, kalebu
golonganing widadari, mula jeneng ora mokal menawa Resi Bisma kagadhuhan
kasektèn kang linuwih. Apa manèh dadi muridé Resi Parasurama iya Ramabhargawa
kang pancèn sekti mandraguna. Kaya kang kasebut ing ndhuwur, ramane Bisma kuwi
Prabu Sentanu. Prabu Sentanu kuwi putrané Prabu Pratipa panjalmane Prabu
Mahabisa ratu kang kasektèné tanpa tandhing, dadi Bisma iya isih keturunban
kasektèné Prabu Mahabisa. Bareng Sentanu katilar garwa Dewi Gangga, kersane
anggarwa Dèwi Durgandini, warandhane Resi Parasara iya Palasara.
Durgandini kersa kagarwa Prabu Sentanu nanging nyuwun yen samangsane kagungan
putra kakung kudu dadi ahli warisé jumeneng nata ana ing Astina. Sentanu
bingung binulungan merga émut yèn wis kagungan putra Dewabrata. Yen Negara
Astina disuwun putrane Dewi Durgandhini banjur kepriye Dewabrata ? Sentanu
ora téga marang putrané iku saéngga ndadhekake banget sengkeling penggalihe.
Dewabrata iya Bisma ngerti apa kang ndadèkaké sekeling ingkang rama.
Sumpah
Bisma
Dewabrata tuhu
satriya kang bekti lan tresna banget marang ramané, nuli ngiklasaké waris
kraton Astina waton ingkang rama bias kasembadhan anggarwa Dewi Durgandini.
Wusana Prabu sentanu bias kelakon anggarwa Dewi Durgandini. Supaya Durgandini
ora was-was alias khawatir yen nganthi cidra, Dewabrata banjur sumpah nedya
dadi brahmacari kang ora bakal magepokan karo wanodya salawase urip. Sineksenan
para dewa lan jagad saisine sumpahe Dewabrata kuwi, kinurmatan mendhung peteng
ndhedhet lelimengan sarta udhan deres binarung suwarane guntur lan bledheg kang
padha saut-sautan ing antariksa saengga kathon nggegirisi, Ya wiwit kuwi
Dewabrata banjur ganthi asma Bisma (Bhisma) kang tegese priya kang sumpahe
nggegirisi.
Madeg
pinandhita
Sabanjure, Bisma
banjur ambegawan peparab Resi wara Bisma kang lenggah ing pertapan Ngetalkanda.
Bisma kuwi pandhita kang sekti mandraguna tur gentur tapa. Ing paprangan tanpa
tandhing, lan ora bakal mati yen during dadi kersane mati. Nanging Bisma iya
duwe luput nalika ngagari senjata marang Dewi Amba, tanpa sengaja jemparing
kuwi mrucut lan tumama, ndadhekake patine Dewi Amba. Ragane Dewi Amba muksa lan
bakal nagih mbesuk ing perang Bharatayudha. Kaleksanan ing Baratayuda Bisma
mati dening Srikandhi,
iki panagihé Dèwi
marang Dewabrata.
Bisma nduweni watak
wantu becik, kendhel tur jejeg teguh atine. Bisma luwih tresna marang Pandhawa
kang abudi luhur tinimbang marang Kurawa kang padha awatak adigang adigung
adiguna. Bola-bali Bisma ngelingake Suyudana supaya Baratayuda diwurungake wae
kanthi maringake Negara astina sigar semangka marang para Pandhawa.
Nanging Suyudana ora maelu kabeh ngendhikane Sang Resi Bisma. Mula senadyan ana
Astina, nanging atine Bisma mbelani para Pandhawa. Dene anggone kersa mbelani
Astina kuwi mung jalaran astina kuwi wutah getihe, eling yen iku tinggalane
para leluhure mula kepiye wae kudu dibelani.
Perang
Bharatayudha
Ing perang
Baratayuda, Resi Bisma madeg dadi senopati agung kang sepisanan. Mungsuhe Resi
Seta (putrane Prabu Matswapati), Raden Utara dalah Wratsangka kang dadi
senopatine para Pandhawa. Satemene, Bisma kuwi wis meh kalah mungsuh Resi Seta
sing pancen luwih gagah lan gentur tapane kuwi. Bisma banjur lumayu nggendring
saka paprangan dibujung Resi Seta. Playune Bisma kepalang Bengawan Swilugangga,
mula banjur ambyur ing bengawan murih ora kecekel dening Resi Seta. Ana
sajroning bengawan, Bisma kepanggih marang ingkang ibu Dewi Gangga. Dening
ingkang ibu, Bisma diparingi pusaka aran senjata Cucuking Dandang utawa Kyai
Jungkat piñatas.
Ringkesing crita,
Resi Seta, Wratsangka lan Utara klakon gugur ing paprangan ketaman pusakane
Bisma.
Sak sirnane Resi
Seta, para Pandhawa ndhapuk senopati anyar. Saka iguh pertikele Prabu Kresna,
sing jumeneng senopati kanggo ngadhepi Resi Bisma ora liya Dewi Wara Srikandhi,
garwane Arjuna. Resi Bisma klakon sirna mungsuh Srikandhi, merga dibiyantu
marang aluse Dewi Amba kang wis nate diperjaya dening Dewabrata.
Burisrawa
Burisrawa
Miturut layang Mahabharata,
Burisrawa iku saluguné putrané Prabu Sommadatta ing negara Baliha.
Nanging yèn miturut pakem padhalangan, Burisrawa kuwi putrané Prabu Salya
(Salyapati), ratu ing Mandaraka klawan Endang
Pujawati iya Setyawati sing angka papat. Déné urutané mangkéné:
- Dèwi Erawati, kagarwa Raden Kakrasana iya Prabu Baladéwa nata ing Mandura, banjur peputra Raden Wisatha lan Wimuka.
- Dèwi Surtikanthi, kagarwa Adipati Karna (Suryatmaja) nata ing Awangga, peputra Warsakusuma, lan Warsasena.
- Dèwi Banowati, kagarwa Prabu Suyudana, nata ing Astina, peputra Sarojakusuma iya Lesmana Mandrakumara, lan Dèwi Lesmanawati.
- Raden Burisrawa, lenggah ing kasatriyan Cidhekembang, garwané asma Dèwi Kiswani, atmajané Prabu Kiswamuka, ratu ing negara Cedhisekar. Karo Dèwi Kiswani, peputra siji, Arya Kiswara.
- Raden Rukmarata, lenggah ing kasatriyan Pabutulan.
Raden Burisrawa iku
praupané awujud raseksa awit nurun eyangé Begawan Bagaspati,
kang ora liya pendhita raseksa. Amarga isin pinaringan wujud raseksa mula
Burisrawa yasa papan kasebut tunutupan kere lan Burisrawa singidan ing mburine.
Burisrawa sinebut uga satriya ing Madyapura. Sanajan kalebu satriya ananging
tindak-tanduké kasar lan dhemen ngguyu.
Burisrawa
gandrung
Jumbuh klawan wujudé
sing setengah yaksa kanthi rambut gimbal diudhal-udhal, Burisrawa seneng nguja
kesenengané, golèk menangé dhéwé, dhemen gawé gendra. Nanging bawané anak ratu
apa manèh kecaket karo Prabu Baladéwa lan adipati Karna, ora ana wong sing wani
nyaruwé marang kabèh tumindaké Burisrawa.
Burisrawa kayungyun
banget marang Dèwi Wara Sumbadra wiwit nalika Wara Sumbadra isih kenya nganti
tumekané dadi garwané Arjuna lan malah kepara wis peputra Abimanyu
barang, gandrungé Burisrawa marang Sang Dèwi ora tau mendha. Burisrawa iya
banget sengit nginggit-inggit marang Setyaki,
amarga nalika nglamar Dèwi Wara Sembadra ing Dwarawati, Burisrawa tau diajar
Setyaki ing alun-alun nganti lémpé-lémpé, kamangka Burisrawa wis nyandhang cara
temantén. Ya wiwit iku Burisrawa sengit kepati klawan Setyaki.
Ing lakon Sembadra
Larung, Burisrawa dicritakaké minta sraya marang Bathari Durga ing
pasétran Gandamayin iya Dhandangmangoré supaya bisa sapatemon karo Sumbadra.
Bathari Durga ngendikani, yèn Burisrawa bisa sapatemon karo Sumbadra, nanging
ora bisa gepokan salira.
Nalika semana Arjuna
pinuju grogol (mbebedhag kidang ing alas Winangsraya. Kanthi ancas nedya
pepasihan (cumbana) karo Sumbadra, Burisrawa njujug taman Maduganda, taman
keputrén ing kasatriyan Madukara. Kanthi tetembungan manis manuhara, Burisrawa njaluk
usadaning lara asmara marang Sumbadra. Amarga Sang Dèwi ora kersa nglanggati,
Burisrawa banjur ngunus kerisé. Dewi Sumbadra diagar-agari keris, nanging tetep
puguh ora gelem nuruti kekarepané Burisrawa. Kerisé sing diagar-agaraké iku
malah banjur ditubruk wani déning Dèwi Sumbadra saéngga sirna margalayu.
Burisrawa kamitenggengen. Jroné ora mobah lan ora mosik, ana aloké emban kang
tumeka papan kono. Burisrawa gagé mlayu nggendring ninggalaké taman, mlebu ing
tengah alas.
Kasatriyan Madukara
dadi gègèr sawisé para emban nyumurupi kunarpan Dèwi Sumbadra. Saka pamrayogané
Prabu Kresna,
Dèwi Sumbadra banjur dilarung ana Bengawan Gangga (Swilugangga), kanthi rineksa
Gathutkaca
saka gegana. Wusanané layoné Sumbadra diuripaké Antareja
kang jumedhul saka Saptapratala nedya ngupadi sudhermané. Gathotkaca ngira yèn
Antareja kuwi kang njalari patiné Dèwi Wara sumbadra. Tanpa ditakoni terus
ditimblis saka dirgantara. Dadi perang ramé. Leloroné padha digdayané.
Sabanjuré leloroné dipisah déning Wara Sumbadra. Sang Dèwi banjur nyritakaké
lelakoné kang sanyatané. Ya merga lelakon iki, Antareja banjur bisa kepanggih
marang ramané, yaiku Raden Bratasena iya Werkudara.
Patiné
Burisrawa
Ing lakon Kresna
Duta, Burisrawa marani Setyaki sing lungguh ngedangkrang sila tumpang ing
dhuwur kréta Jaladara. Setyaki ditawani ombèn-ombèn utawa inuman tuak waragan.
Karepé mono yèn Setyaki gelem ngombé terus mendem, Burisrawa nedya males ukum.
Setyaki bakal genti diajar ana alun-alun Astina.
Nanging Setyaki ora gelem mèlu ngombé, kanthi pawadan wedi yèn ketagihan.
Amarga Burisrawa pijer nawani inuman tuak waragan, Setyaki jéngkél. Gendul isi
inuman tuak disaut banjur dikeprukaké ing sirahé Burisrawa. Burisrawa nesu banget,
satemah dadi bandayuda. Lagi ramé-raméné adu jotos, dumadakan wadyabala srayané
Prabu Duryudana
ngebyuk nedya ngranjab Setyaki. Setyaki lumajar nggendring mlebu kedhaton,
nusul ingkang raka Sang Prabu Kresna kang lagi pirembugan parang Prabu
Duryudana dalah para sesepuh Astina. Amarga Prabu Kresna anggoné dadi duta ora
klakon ngeluk panggalihé Prabu Duryudana kang atos lan wangkot iku, satemah
bakal dadi perang gedhé sinebut perang Baratayuda Jayabinangun. Dina kang
kaping patbelas, Burisrawa maju ing paprangan, ditandhingi Setyaki. Nalika iku
Mahasénapati Kurawa
isih diasta Pandhita Durna. Bawané kalah gedhé dhuwur, kalah sentosa, Setyaki bisa
dipikut déning Burisrawa. Setyaki banjur dibanting sakayangé, nuli kinakahan.
Setyaki ora bisa bangga manèh. Burisrawa banjur ngunus candrasa. Nalika
candrasa arep ditamakaké ing anggané Setyaki, dumadakan bahu-tangané sing
tengen Burisrawa "timpal alias tugel thel ketaman jemparing Nagabandha.
Panah Nagabandha iku panahé Setyaki. Déné sing namani panah mau Arjuna awit
saka iguh pertikelé Prabu Kresna. Rumangsa uwal saka kakahané Burisrawa,
Setyaki gagé ngadeg nyat, terus nyadhak candrasa duwèké Burisrawa banjur
ditamakaké ana janggané Burisrawa saéngga tigas pancing, mustakané gumlundhung
ing bantala. Burisrawa sirna margalayu ana paprangan Tegal Kurusetra. Mula lakon
patiné Burisrawa iku uga banjur disebut lakon "Timpalan".
Cakil
Cakil
Cakil iku sawijining antagonis ing wiracarita
Mahabharata
vèrsi Jawa. Lumrahé metu nalika satriya metu, yaiku sawisé gara-gara. Ing
pérangan iki asring uga sinebut bambangan. Bambang iku artiné pemudha
seka gunung,
lan lumrahé sing dadi tandhingé cakil nganggo jeneng "Bambang".
Kayata: Bambang Irawan
utawa Bambang Arjuna.
Nanging ora mesthi tandhingané Cakil kuwi nganggo jeneng Bambang.Ora ana jeneng kang pesthi kanggoné Cakil. Umumé nganggo jeneng Ditya, kang artiné buta utawa raseksa. Ora kaya wayang raseksa liyané, tangan wayang Cakil bisa diobahké kabèh, kiwa utawa tengen. Untuné sing sisih ngisor luwih maju.
Ing tandhingan karo satriya mau, Cakil nganggo gaman keris. Yèn ing wayang uwong, keprigelané Cakil dolanan keris iki nengsemaké. Keris diuncal-uncalaké kaya bartender dolanan botol. Ing pungkasané, cakil bakal mati déning kerisé dhéwé.
Cakil lan Arjuna
Larah-larahané
Buta Cakil paraga wayang kulit inovatif utawa rekayasa seniman wayang Jawa.[1] Buta Cakil ing babon kitab Mahabarata utawa Ramayana ora diketemukake paraga iki. Tahun yasa paraga wayang iki ditengeri kanthi candrasengkala ''Tangan Yaksa Satataning Janma'' utawa taun 1552 Çaka yen dikonversi taun masehi dadi 1630 Masehi jaman Mataram ing mangsa pemerintahan Sultan Seda Krapyak. [2].Perang Kembang
'''Perang Kembang''' utawa '''Perang Begal''' yakuwi adegan perang utawa campuh antarane Buta Cakil karo satriya. Gigambarake Sang Satriya kang lagi liwat tengah wana dietut karo abdi-abdine Panakawan Semar, Gareng, Petruk, Bagong kapeksa kandeg lakune amarga dicegat dening Buta Cakil. Buta Cakil takon marang sang Satriya, jengen, saka tlatah ngendi, lan ana perkara apa nganti wani liwat wana kono. Takon pitakon lumaku saur manuk, nanging Buta Cakil ngotot dene sang satriya kudu sumingkir saka tlatah kono, amarga nginggati pakon Buta Cakil, loro-lorone banjur perang. Wusanane perang kembang dimenangake Sang Satriya, Buta Cakil mati ing pucuk curigane dewe.[3]. Adegan Perang Kembang lumaku ing wayah lingsir wengi, perang iki minangka lambang manungsa kang mulai ngidhak kadhewasan. [4]Sipat
Buta Cakil nduweni sipat utawa watak dengki, iri, lan jail. Praupane kang abang negesake sipat gampang ngamuk, matane kang sipit (kriyipan) tandha dengki lan ora tinarbuka atine. Cangkeme kang amba mratandhani yen Buta Cakil sombong, lan seneng misuh. suarane sing keméng, omonge sing gagap, wetenge sing mblending mratandani ulahe kang ala lan seneng ganggu.[5] . Kejaba kuwi Buta Cakil dilambangake mawa werna kuning utawa sipat Supiyah, yakuwi sipat sing seneng ngumbar nepsu syahwat, lan pepinginan. [6]Filosofi
Buta Cakil nggambarake nepsu manungsa. [2]. Nepsu manungsa kaperang dadi papat yakuwi, Amarah, Aluamah, Supiyah, lan Mutmainah. [2]. Campuh antarane Satriya lan Buta Cakil yaiku pralambang campuh manungsa nglawan nepsu pribadine. Curiga utawa keris Buta Cakil Minangka Simbol manungsa kudu bisa ngendaleni hawa nepsune, lamun manungsa ora waspada awak pribadine bisa mati lantaran nepsune dhewe lan sing bisa mateni hawa nepsune ora liya kejaba diri pribadi manungsa.
Buta Prepat
Buta Prepat kuwi Buta cacah papat kang
ditugasi njaga tapel wates kraton. [7].
kang kalebu bala Buta prepat yakuwi. [2]- Buta Cakil
- Buta Terong
- Buta Rambut Geni
- Buta Pragalba
Dasanama
Kayadene paraga wayang liyane, Buta Cakil uga nduweni Dasanama utawa alias
yakuwi- Ditya Kala Gendir
- Ditya Kala Carang Aking
- Ditya Kala Klantang Mimis
- Ditya Kala Carang Aking
- Ditya Kala Lintring
Wanda
Wanda utawa ekspresi Buta Cakil kaperang dadi papat. [2]- Wanda Kikik utawa Benceng
- Wanda Bathang utawa Cicir
- Wanda Naga
- Wanda Udalan
Citraksa
Citraksa miturut pawayangan Jawa
Citraksa iku, salah sijining para Korawa satus.
Jenengé diarani ing layang gancaran Adiparwa,
kitab pratamané Mahabharata.Raden Citraksa iku salah sijining
satriya kurawa putrane Adipati Dhestharastra lan Dewi Gendari. Dadi iya isih Adhine
Prabu Duryudana, pembarepe para Kuraw kae. Ning dheweke iku kadang Kurawa sing
nomer pira, ora kena dipesthekake, jajaran saka maneka-warna versi cerita
wayang, kerep ana beda-bedane.Sing wis kelumrah, ing antaraning kadang kurawa
sing cacahe udakara ratusan iku, pancen ana sawatara sinh jeneng-jenenge mawa
citra. Ana Citraksa, Citraksi, Citrakala, Citrasandha:Upacitra, Carucitra,
Citradarma, Citrakae, Citraiki, Citraiku,Citraanu, ning iku nek pas dhalange
lali.Ing antaraning kadang Kurawa sing sinandhangan jeneng. Citra sing kondhang
dhewe pancen ya Citraksa iki, sinusul Citraksi.Ning Citraksa lan Citraksi iku
kembar apa ora, iya ora pati ngerti genah. Sing luwih genah, rupane wayange meh
padha. Kaya yen kembar ngana kae. Praenane padha-padha olehe nglangak. Irunge
padha-padha olehe njengat. Yen ngomong padha-padha olehe
kamisosolen,Pekukak-pekukuk kaya pitik klelengen, swarane kerep ora genah
jluntrunge.Padha-padha ngalangak, irung jengat, lan kamisosolen, Citraksa beda
karo sedulure. Citraksa digambarake ora mung mripate wae sing ijo, nanging
raine barang uga ijo. Kira-kira wae saliyane kemaki lan seneng umuk, ya doyanan
dhuwit. Sipate sing menjila liyane , yaiuku olehe seneng misuh. Dadiarta bab
yen jaman saiki anan dhalang sing disuwurake pinter misuh lan akeh uwong seneng
misuh, iku ngono sejatine wis dudu reputasi anyar, wong wis kalah dhisik karo
reputasine Citraksa.Ing pangelaran-pagelaran wayang purwa, Citraksa-Citraksi
biasane metu ing adegan paseban njaba. Mapag tekane Patih Sengkuni, bebarengan
ngancani muncule Dursasana, Kartamarma, Durmagati, astawama, lan Jayadrata.
Citraksa-Citraksi kanthi saur-manuk, kanthi kamisosolen nungsu warta bab
wigating rembug ing pasewakan agung.Yen wadyabala Astina budhalan, Citraksa
sing mandhegani prajurit kanoman, budhale numpak jarab dhawuk.Lenggut-lenggut
ginarubyuk lakuning prampongan. Lan yen wis numpak jaran lenggat-lenggut ngono
kuwi, praene sing nglangkak saya katon nglangak, irunge tambah katon
njengat.Yen perang ora tau menang. Embuh yen mung k aro bala sebarangan, wayang
sing klambine lorek-lorek ngana kae. Empere iya isih sok setimbang. Terus padha
simpangan dalan,banjur perange kuwi biasane karan perang gagal.Selanjutane gada
utawa bindi.Citraksa wayang kulit gagrag Jogja, mripat telengen, nganggo jamang
kanthi garudha mungkur, kalungan patran kanthi bandhul wulan tumanggal. Nganggo
gelang pontoh lan kroncong, clanane cindhe. Rai warna ijo, sajake uga minangka
gegambaran utawa pratandha nenawa sartiya iki nduweni sipat jirih. Anggone
kemaki lan seneng umuk iku paling-paling rang mung kanggo ngimbangi kanyatan
yeh sejatine dheweke iku ora nduweni kasekten apa-apa. Ora kaya Kartamarma, Dursasana,
Astawatama, lan Jayadrata sing kasatriane mesthi disebutake yen ing
Bayutinalang, Banjarjumput, Padhanyangan, lan Banakeling, kesatriyane
Citraksa-Citraksi kuwi ing endi, kurang kondhang. Bab akhiring riwayate satriya
kurawa sing omongane kerep dadi guyon iki, nalika perang Batarayuda mati dening
tangane arjuna ngamuk punggung sawise Abimanyu
dirancap rame-rame dening Kurawa kalebu Citraksa. Tandange Arjuna Ngedab-edapi,
lan Citraksa akhire mati kataman karise Arjuna.
Citraksi
Citraksi
Citraksi iku salah sawijiné tokoh saka wiracarita
Mahabharata
uga kaluwarga korawa.
Ing jagad pewayangan, Citraksi asring bebarengan karo Citraksa
lan Durmagati.
Citraksi nduwèni sipat prigel lan seneng umuk, sarta ngomonge glagepen.
Dretarastra
Prabu Dretarastra utawa Dhestharastra iya Dhestharata
iku putra pambayuné Prabu Kresna Dwipayana ing Ngastina patut kalayan Dèwi Dèwi Ambika
(yen ing Mahabharata disebut Ambalika), sing nalika wis yuswa banjur lereh
keprabon seperlu madheg Pendhita ing Pertapan Wukir Retawu kanthi peparab
Begawan Begawan
Abiyasa. Nalika isih timure Radèn Dhestharata sesilih Radèn Kuru,
kang tegesé ora bisa ndhulu alias wuta. Mula anak-turuné Radèn Dhestharata uga banjur
kinaran Kurawa kang asalé saka linggane tembung “Kuru” lan “Hawa” kang tegese
tedhak turuné/dharah Kuru. Semana uga “Pandhawa”, iku asal saka linggané
tembung “Pandhu” lan Hawa", kang tegese tedhak turune Pandhu.
Ing padhalangan,
wutané Radèn Dhestharata iku ana pirang –pirang versi. Versi kang sepisan
ngandhakaké yèn cacadé Radèn Kuru amarga ibuné, Dewi Ambika, nalika saresmi
karo Prabu Kresna Dwipayana tansah ngeremake netrané, saking anggone wedhi
ndulu pasuryane sang Prabu sing ireng tuntheng. Dene versi kang kapindho,
yakuwi bisa tinemu ing lakon Sentanu Banjut. Ing crita kasebut, Prabu Sentanu
(Santanu) ora netepi janjiné marang Prabu Dipakiswara (Begawan Palasara). Sing
kuduné jumeneng ratu ing Ngastina Abiyasa, nanging Prabu Sentanu nedya njumenengake
Raden Asthabrata, putrané Sentanu patut karo Dewi Durgandhini (tilas garwane
Palasara). Satemah dadi pasulayan ing antarané Prabu Sentanu karo sukmané
Begawan Palasara. Kang mengkono gawé gègèr ing Kahyangan. Bathara Narada lan
Bathara Wisnu tumurun ing marcapada saperlu nyapih kang nembe pancakara. Bathara
Narada paring pangandhika yen titi wanci iki, Sentanu wis enthek
tulise, tegese wis tumakaning janji. Sentanu kudu ninggalake jagad marcapada
bali ing alam kelanggengan. Jroning diajak wawan pangandhikan, Prabu sentanu
ngraga sukma, sukmane oncat saka ragane manjing ing guwa garbane Dewi Ambika
(garwane Raden Asthabratha) kang pinuju nggarbini patang wulan, saperlu mejangake
Aji Lebursekethi marang ponang jabang bayi.
Bathara Naradha
priksa, nuli paring dhawuh marang Bathara wisnu supaya ngrajah netrane ponang
jabang bayi kang ana guwa garba, jalaran yen si jabang bayi darbe sipat genep,
bakal mbebayani, bakal ngumbar angkara murka. Mula kanggo nyudha angkara murka,
kudu bayi m,au digawe wuta. Lan klakon bayi dirajah netrane nganggo senjata
Cakra dening Bathara Wisnu. Wekasan bayi lair, kahanane cacat netra (wutha) lan
banjur kaparingan pusaka asma Raden Kuru iya Raden Dhestharata. Dadi yen mirutu
versi iki, Raden Kuru iya Dhestarata iku tata gelare dadi putrane Abiyasa
nanging sejatine utawa putrane Raden Asthbratha. Jalaran nalika Dewi Ambika
kagarwa dening Prabu Kresna Dwipayana kahane wis dadi randha.
Sayembara
Nalika wis ngancik
jaka tumaruna, Radèn Dhestharastra bisa palakrama anthuk Dewi Gendari, putriné
Prabu Gendhara iya Prabu Suwala saka negara Gendhara Desa amarga saka jasane
Pandhu (adine Dhestharata nunggal rama seje ibu). Déné critané mangkéné: Nalika
Pandhu wus klakon mupu sayembara saka negara Mandhura, dheweke banjur kasil
mboyong putri sekarkedhaton Dewi Kunthi iya Dèwi Prita. Ora mung kuwi wae, Pandhu
uga antuk boyongan putri loro manèh, yaiku Dèwi Dèwi Madrim,
putriné Prabu Mandrapati saka Mandaraka lan Dèwi Gendari saka Gendhara Desa.
Pandhu olehe kaleksanan mboyong putri telu direwangi ngetokahe tètèsing ludira.
Ewadéné, putri telu kuwi ora digarwa kabèh nanging salah sijiné malah nedya
dicaosake marang ingkang raka, Raden Dhestharata. Putri tetelune iku banjur
disowanake marang ingkang raka supaya milih salah sijine minangka garwané.
Radèn Dhestharata sing wuta iya banjur milih kanthi ngrayangi padharane putri
telu mau mbaka siji. Wusanane tibaning pamilih ana Dewi Gendari.
Dewi Gendari rumangsa
karuna penggalihe amarga dipilih dadi garwane Raden Dhestharata. Kamangka Dewi
Gendari kepingin banget dadi garwane Pandhu. Mula Dewi Gendhari gething banjur
gething banget marang Pandhu kang dianggep wis ngloropake dheweke ana jurang
kasangsaran. Mula Dewi Gendari banjur prasapa menawa yen dhak turune Pandhu ora
bakal bisa akur lan tansah memungsuhan karo anak-anake. Sawisé sawetara anggoné
bebrayan, wusanané Dewi Gendari nggarbini, lan banjur nglairake ponang jabang cacah
satus kang banjur diarani Sata Kurawa iku. Ing tembe, putrane Dhestharata iku
kabeh padha palastra ing perang Baratayudha mungsuh karo para Pandhawa, putrane
Prabu Pandhu Dewanata kang cacahe mung lima kuwi
Drona
Begawan Drona utawi Resi Durna
Begawan Drona
utawi Resi Durna utawi Bambang Kumbayana inggih menika salah
satunggalipun paraga wayang (tokoh wayang) saking wiracarita Mahabarata.
Durna menika putranipun Resi Baratmadya saking Hargajembangan kaliyan Dewi
Kumbini. Durna asalipun saking Atasangin. Kacariyosaken bilih Durna punika
dipun tudung minggat saking Atasangin amargi boten kersa dipunjodhoaeken
kaliyan ramanipun. Durna menika dados gurunipun Sata Kurawa
lan Pandhawa.
Panjenenganipun menika priyantun ingkang ahli seni paperangan.
Durna kagungan pusaka
sekti awujud keris
Cundamanik lan Panah Sangkali (ing wekdal salajengipun panah menika
dipunparingaken dhateng Arjuna).[1]
Durna palakrami kaliyan Dewi Krepi, putrinipun Prabu Purungaji, raja negari
Tempuru, lan pikantuk putra ingkang asmanipun Bambang Aswatama.[1]
Durna kasil damel padepokan Sokalima sasampunipun kasil ngrebat meh sepalih
wewengkon negari Pancala saking kakuaosanipun Prabu Drupada.[1]
Nalika perang Bharatayuda,
Resi Durna pinitados minangka Senapati Agung Kurawa, sasampunipun Resi Bisma
tiwas ing paprangan.[1]
Resi Durna tiwas ing medan paprangan amargi tusukan pedhang Drestajumena,
putranipun Prabu Drupada.
Drupadi
Drupadi
Dèwi Drupadi iku salah swijining paraga wayang
putri Prabu Drupada
saka Cempalareja. Ing Mahabharata, paraga iki sinebut Draupadi.
Ing wayang lan pedhalangan asring disebut Drupadi. Ana kalane uga
sinebut Dewi Kresna. Ing versi India, Drupadi dadi bojone Pandhawa.
Iku artine poliandri. Ing pedhalangan, Drupadi dadi bojone Yudhistira.
Wanita iki putri Prabu Prabu Drupada kang pembarep seka Dèwi Dèwi Gandawati. Dheweke
mbakyuné Dèwi Dèwi Srikandhi lan Radèn
Drustajumena.
Seka jejodhoane karo
Yudhistira, nduwe anak Pancawala. Nanging yen ing India, anake ana lima:
- Prativindya, seka Yudhistira.
- Srutasoma, seka Bima.
- Srutakirti, seka Arjuna.
- Satanika (ana uga sing nyebut Srutanika), seka Nakula.
- Srutakarma, seka Sadewa.
Ing kedadeyan kalah
dhadhu, Drupadi dadi bandhan amarga Pandhawa kalah karo Kurawa.
Ing kene Dursasana
nyoba nglukari klambine Drupadi. Mula saka iku, wanita iki sumpah yen ora arep
kramas yen durung kramas nganggo getihe Dursasana. Sumpah iki bisa kaleksanan
ing perang Bharatayudha.
Drupadi melu Pandhawa
munggah gunung Himalaya nuju surga.
Duryodana
Duryodana utawa Duryudana iku ratu ing Ngastina
(Hastina) Ing layang Mahabharata disebut Droyudhana. Dasanamane miturut
padhalangan: Suyudana, Jakapitana,Jayapitana, Kurupati, Gendharisuta,
Dhasthaputra, Tri Mamangsah. Duryudana iku putrane Prabu Dhestharastra lan Dewi
Gendhari sing tuwa dhéwé. Nalika lair ora salumrahe bayi, nanging wujud
tengkelan daging, kaya tugelan daging kebo. Daging mau polah kroncalan. Dening
Dewi Gendari daging ditendhang sakayange, satemah sigar dadi loro. Dewi Gendari
saya duka. Sigarane daging sing sijine diidhak-idhak, satemah ajur dadi
pirang-pirang, pating kruget kaya singgat. Daging mau banjur ditutupi godhong
lumbu. Daging sing gedhe dhewe dadi bayi loro, Duryudana lan Dursasana. Dene
daging sing cilik-cilik dadi adhi-adhine kang banjur karan Sata Kurawa. Tembung
Sata tegese satus (senadyan cacahe 101), dene Kurawa kuwi mengku teges darah
Kuru. Duryudana sa adhi-adhine kuwi watake angkara murka, srei, jail-methakil,
jalaran tansah diapusi lan diojok-ojoki dening bapa pamane, Patih Harya
Sengkuni (Sakuni). Bedha karo Prabu Dasamuka, nata ing Ngalengka kae, senajan
padha-padha watake angkara murka, nanging yen Dasamuka kabeh tumindhake sing
angkara murka iku tukul seka prentule atine dhewe. Dene yen Duryudana anggone
nduweni watak angkara murka merga disetir dening Patih Sengkuni. Mula Duryudana
iya banjur tansah mungsuhi marang para Pandhawa
Putra
lan garwa
Garwa prameswarine
Prabu Duryudana sesilih Dewi Banowati, putrine Prabu Salya ing Mandaraka.
Senadyan Duryudana kuwi wujude cakrak, gantheng, nanging emane bodho banget.
Pikirane landhep dhengkul. Isih ketambahan watake angkara murka. Muloa ora ana
putri sing seneng karo dheweke. Nalika arep ngrabi karo Dewi Erawati (putri
pembayune Prabu Salya), direbut utawa kalah dhisik karo Raden Kakrasana
(Prabu Baladewa). Arep kepingin ngrabi Dewi Surtikanthi (putrine Prabu Salya
sing angka loro), didhisiki Suryatmaja (Adipati Karna). Wasana bisa dhaup karo
Dewi Banowati merga pitulungane Raden Permadi (Arjuna).Satemene
Banowati ora nduweni rasa tresna marang Duryudana, jalaran Banowati wis luwih
dhisik sesambungan tresna marang Permadi.Mula Banowati njaluk bebana: Gajah
Putih, sratine putri sulisttya. Duryudana bisa miangkani bebana mau marga
pitulungane Permadi. Banowati banjur njaluk bebana maneh: Patah (sing ngampingi
penganten) putri ayu lan satriya bagus sing ngungkuli para priya ing Mandaraka.
Kuwajibane patah iki ndandani manten putri sing ora liya sing dikarepake iya
Permadi kuwi. Prabu Duryudana iya banjur utasan marang Patih Sengkuni ana
pratapan Wukir Retawu ana ngarsane Begawan Abiyasa saperlu arep nyuwun ngampil
Permadi supaya maesi temanten putri. Panembahan Abiyasa iya marengake Permadi
kaboyong ana Mandaraka saperlu maesi temanten putri. Mula iya ora mokal, yen
Banowati kang banjur dadi garwane Prabu Duryudana iku satemene wis ora prawan
maneh amarga diprawani Permadi. Saka anggone bebrayan Banowati nduweni anak
loro lanang-wadhon, kang sesilih Raden Lesmana Mandrakumara iya Sarojakesuma
lan Dewi Lesmanawati. Akeh sing mawastani yen anak loro iki sejatine dudu anake
Duryudana, nanging ana uga kang nyebut yen ramane Leksmanawati iku Arjuna.
- Leksmana Mandrakumara
- Leksmanawati (ana uga kang nyebut yen mung siji thok, dadi Leskmanawati ora katut).
Patine
Ing Bharatayudha,
Duryudana dadi senopati Korawa kang pungkasan mungsuh karo Werkudara Bima. Sekawit Werkudara
kang ngadhepi wektu kuwi bola-bali meh kasoran. Pungkasane Werkudara bisa ngerti
yen pengapesane Duryudana ana ing pupune (wentise)kang sisih kiwa. Nalika
Duryudana lena kaprayitnane, wentise digitik nganggo gadha Rujakpolo dening
Werkudara saengga kuwandane Duryudana jengkelang gumebruk ing bantala. Nuli
musthane dikepruk nganggo gadha lan pasuryane diungsep-ungsepake ana wadhas
curi saengga wewujudane memper jrangkong. Ana kahanan sekarat, Duryudana isih
kober nguman-uman marang Werkudara lan para Pandhawa liyane. Diunek-unekake
kaya mengkono iku Werkudara meh wae muntab kanepsone nanging dipenggak Prabu
Kresna. Wusanane Duryudana enthek dayane lan banjur mati kanthi aniyaya ana
sajroning paprangan Baratayuda kang pungkasan, mbarengi ambruke negara
Ngastina. Mula perang iki banjur karan crita "Rubuhan Duryudana
Gugur".
Duhsasana
Duhsasana
Dursasana utawa Duhsasana ing basa
Sansekreta ditulis Duḥṣāsana lan tegese ‘angel dikuwasani’.
Miturut padhalangan,
Dursasana iku putrane Prabu Dhestharastra
klawan Dewi Gendari kang angka loro. Rayine Prabu
Duryudana cer iki klebu paraga kondhang tur uripe kebak guyu sarta lambeyan.
Wujud wayange sarira
geng aluhur ronggah-ronggah sarwa wagu. Brengose crapang naga nglangi, gudheg
wok simbar jaja, wulune abang. Netra pendhul, jenggot nggandhul, lan untune
gingsul.
Kasatriyane ana ing
Kadipaten Banjarjungut (Banjarjunut). Garwane sesilih Dewi Salthani lan peputra
siji kekasih Raden Dursala. Pusakane wujud panah kang gedhe arane Kiai Barla.
Asal
jeneng (Etimologi)
Jeneng Dursasana iku
jare Ki dhalang mengku teges panggonan kang ala. Mula watake Dursasana angkara
murka, sewenang-wenang, degsiya, lan ugal-ugalan. Yen nuju ning pasewakan
dicritakake lungguhe sila tumpang, dene yen ana paseban njaba, lungguhe ana
ngarep dhewe, cedhak karo Patih Sengkuni.
Mula padhatane banjur matur nungsung pawarta luwih dhisik ketimbang para Kurawa
liyane :"Man..werta, man werti. Man Sengkuni ingkang putra wonten
njawi nungsung warti, man Sengkunar wonten latar kula nungsung kabar,
kadhospundhi dhawuh pangandhikanipun Kaka Prabu Duryudana lumantar paman
Sengkuni...hoo...hoo...".
Dursasana iku klebu
paraga sing banget nyujanani marang kasetyane Dewi Banowati (garwane Prabu
Duryudana), sing miturut saka panemune Dursasana bathin-bathine Banowati kuwi
tansah memuji supaya Kurawa bisa tumpes tapis tanpa sisa saengga bisa
ngunggah-unggahi Arjuna/Janaka.
Perang
Bharatayudha
Ing perang
Baratayuda, Dursasana mati dening Werkudara nalika arep mlumpat kali
Cingcinggoling (kali Kelawing). Dursasana kang keplayu nalika tetandhingan
yudha mungsuh Werkudara
nuli mlumpati kali Cingcinggoling, nanging tekan satengahe kali sikile
Dursasana dijegal dening yitmane juru satang prau tambangan aran Ki Sarka kang
mbiyen wis tau diperjaya Dursasana kinarya tumbal perang. Bareng Dursasana wis
kelakon keceblok ana satengahe kali, topong agemane banjur disaut dening
yitmane Ki Tarka saengga rikmane ngrembyah. dening Dyan Bratasena rikmane
Dursasana disaut terus digeret ana padharatan. Tekan ing padharatan Dursasana
banjur disirnakake. Kuwandhane dipotheng-poteng, bahune disempal-sempal, jangga
ditigas, wadhuke disudhet nganggo Kuku Pancanaka, ususe diobrol-obrol,
ludhirane dikokop dening Werkudara sarta kanggo kramas Dewi Drupadi,
prameswarine Puntadewa.
Patine Dursasana sing
kaya mengkono iku jalaran ngunduh wohing pakartine dhewe. Dhek jaman Pandhawa
kalah anggone kasukan main dadu mungsuh Duryudana kang diwakili Sengkuni,
Dursasana nedya gaewe wirange para Pandawa lan Drupadi. Sang Dewi nedya
diblejeti agemane ana pasewakan agung praja Astina, nanging eloking kahanan,
saben sandhangane Drupadi diudhari selembar dening Dursasana, isih terus ana
wae lembaran sandhangane sing ana sangisore sandhangan sing arep diudhari iku,
saengga Drupadi opra sidha kawudhan. Kadadeyan mau banget gawe lara atine
Pandawa lan Dewi Drupadi. Nganti Drupadi sumpah ora pati-pati gelungan maneh
yen durung kelakon kramas nganggo getihe Dursasana. Werkudara uga melu sumpah
yen besok tumapaking perang baratayuda bakal motheng-motheng kuwandhane
Dursasana sing dianggep ngina marang para Pandawa.
Gathotkaca
Gathotkaca utawa Gathutkaca iku sawijining
paraga wayang Mahabharata. Dhèwèké putrané Wrekodara.
Lair
Gathotkaca kang
kondhang kanthi sesebutan "Satriya Pringgodani"[1]
lan "Alap-alap Pringgodani" kuwi, nalika isih jabang bayi jenengé
Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca kuwi putrané Radén Werkudara
(satriya Panenggak Pandhawa) patutan klawan Dèwi Arimbi,
putrané Prabu Tremboko,
ratu buta ing negara Pringgodani.[2]
Sekawit Arimbi iku uga wujudé buta wadon (raseksi), nanging bareng didandani
déning Dèwi Kunthi terus malih dadi kenya sing
sulistya. Mula Werkudara iya Brataséna uga banjur gelem ngepèk bojo Arimbi.[2]
Bareng wis suwé
anggoné jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sabanjuré mbabar putra kakung
wujud bayi manungsa setengah buta. Déning ingkang éyang, Abiyasa, jabang bayi
Tetuka banjur diparingi "topeng" aran topeng waja kang mapan ana
sajroné kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi
satriya kang bagus citrané. Nuli déning ramané, Brataséna, jabang Tetuka banjur
kaparingan kekasih Radén Gathotkaca, kersané Radén Werkudara kinarya pepenget
duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba (kangmasé Dèwi Arimbi) kang
kekaroné padha ngetog kekuwatan lan kadigdayan.
Tembung gathotkaca
tegesé kumpuling kasantosan. Nalika lairé, nganti umur nembelas dina puseré
jabang Tetuka ora bisa ditugel nganggo lelandhep wujud apa waé. Naning wusanané
puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkané Senjata Kuntha Wijayadanu (Kunta
Druwasa) duwèké Radén Suryatmaja iya Adipati Karna
nalika isih enom. Lan kaélokané, wrangka Senjata kuntha mau manjing ing puseré
Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosané Gathotkaca, Senadyan mengkono, bab iku
uga dadi pengapesané Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadhepi manungsa kang
darbé Senjata KuntaWijayadanu, Gathotkaca kudu
ngati-ati. Sebab yèn nganti senjata Kunta dilepasaké, Gathotkaca mesthi mati.
Nuhoni unen-unen "Pusaka manjing Wrangka".
Lairé Gathotkaca
ngepasi karo dumadiné ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka.Para déwa
padha kocar-kacir amarga diamuk déning Prabu Kala Pracona, ratu buta ing negara
Ngembatputihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora
samesthiné iku diduwa (ditolak) déning para Déwa saéngga ndadèaké peperangan.
Para déwa padha keplayu banjur golèk "pintasrayan" menyang negara Ngamarta
(Amarta). Tekan negara Ngamarta bayi Gathotkaca ( Jabang Tetuka) kang lagi umur
nembelas dina iku banjur diampil Bathara
Narada, digawa menyang kahyangan, didadèkaké jagoné para déwa,
dimungsuhaké Prabu Kala Pracona lan Patihé Apraceka Ditya Kala Sekiputantra
sawadyabalané. Sadurungé diajokaké ana paprangan bocah sing lagi lair iki
banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para déwa didhawuhi
déning Bathara Guru (tetungguling para déwa) supaya nlorongaké gegaman
kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajroné kawah
Candradimuka wus ora wujud bayi maneh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus
ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabé Gathotkaca banjur sinebut :satriya
babaran kahyangan" Déning Bathara Guru, Gathotkaca banjur pinaringan
pusaka kanggo sipat kandel anggoné ngadhepi mungsuh yakuwi kotang antrakesuma,
caping basunanda, lan tlumpah padhakacerma.
Nalika maju ana
paprangan, tandangé Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona
sawadyabalané padha mati kabèh. Sasirnané Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur
dijumenengaké nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumuré jagung kanthi jejuluk
Prabu Guruputra.
Wayang Gathotkaca
Ing Perang Baratayuda
Gathotkaca gugur merga kena panah Kuntawijayandanu kagungané Adipati Karna.
Panah kang diuculké kuwi jan-jané ora tekan merga Gathotkaca aburé wis ana
sadhuwuré méga sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung déning yitmané
Ditya Kala Bendana, bapa-pamané Gathotkaca kang wis tiwas merga ditempiling
déning ponakané iku, saéngga Gathotkaca gugur ana madyaning paprangan.
Kuwandané Gathotkaca kumléyang saka gegana nibani krètané Adipati Karna nganthi
ajur sewalang-walang. Péranganing Baratayudha, Gathotkaca Gugur sumbaga
wiratama, karan lakon "Suluhan" amarga dumadiné perang ing wayah
bengi.
Dasanama
Dasanamané Gathotkaca
iku miturut padhalangan yaiku:
- Kacanegara
- Jabang Tetuka
- Purubaya
- Bimasiwi
- Arimbiatmaja
- Kancingjaya
- Krincingwesi
- Guritna
- Guruputra
- Suryanaradha
Bojo
lan Anaké
Gathotkaca banjur
dadi raja ing Pringgondani. Garwané raja enom iku ana telu, yakuwi:
- Dèwi Sumpani utawa Dèwi Sumpaniwati, peputra Raden Arya Jayasumpena.
- Dèwi Pregiwa, putriné Raden Arjuna kang banjur peputra Raden Sasikirana.
- Dèwi Suryawati, peputra Raden Suryakaca.
Ing sendratari,
Gathotkaca asring katon ing Gathotkaca Gandrung. Tari iki nggambarké
nalika Gathotkaca wuyung marang Pregiwa.
Gaman
lan Aji-Ajiné
Wayang Gathotkaca
Gathotkaca kondhang
sektiné. Aji-ajiné:
- Narantaka = daya khasiyaté yèn ditamakaké gunung bisa jugrug lan segara bisa asat. Jalma manungsa kang ketaman aji Narantaka sanalika bisa ajur-mumur kuwandané tan-kena kinukup.Iya aji Narantaka iku kang kinarya nyirnakaké Raden Dursala kang dadi senapatiné para Kurawa.
- Aji-aji Esmu Gunting kang daya kasektené yèn matèni mungsuh, Gathotkaca kanthi cara mancat pundhak lan nguntir guluné mungsuh nganti tugel.
- Kotang utawa Klambi Antrakusuma daya kasektèné: Gathotkaca bisa mabur utawa ngambah gegana kanthi rikat banget (kebat pindha kilat, kesit pindha tathit).Mula Gathotkaca uga banjur kajibah njaga katentraman negara Ngamarta saka dirgantara (yèn jaman saiki Gathotkaca kuwi kadidéné Angkatan Udhara). Iki uga dadi pralambang ing kaprajuritan, amarga sedulur liyané, Antareja lan Antasena kejibahan njaga dharatan lan laut.
- Aji Brajadenta. Brajadenta asliné pamané dhéwé, nanging banjur manuksma mlebu ing èpèk-èpèké Gathotkaca sing sisih tengen.
- Aji Brajalamatan. Brajalamatan uga jenengé pamané. Nalika palastra, Brajalamatan manuksma ing tangan kiwa Gathotkaca.
- Aji Brajamusti. Brajamusti iku uga pamané. Nalika palastra manjing ing tangan tengené.
- Aji Brajawikalpa. Kaya aji-aji liyané, Brajawikalpa kuwi seka pamané dhéwé kang manjing dadi rajah ing geger.
Para pamané kang dadi
aji-ajiné, mauné mbrontak ing Pringgondani nanging bisa ditumpes déning
Gathotkaca. Ana salah sijining pamané kang mbela Gathotkaca, yaiku Kalabendana.
Nanging Kalabendana iku jujur, lan sawijining dina dipatèni déning Gathotkaca
amarga ngomong sanyatané ngenani Abimanyu. Crita iki ana ing lakon Gathotkaca
Sraya.
Ing
Bharatayudha
Ing Bharatayudha,
Gathotkaca bisa matèni Dursala, anaké Dursasana.
Raja Pringgondani iki pancen ora bisa dipatèni nganggo gaman, kejaba mung panah
Senjata Kunta. Nalika nugel ari-ariné, sarung Senjata Kunta kéri ana ing awaké
Gathotkaca, mlebu ing wudel. Gathotkaca mati déning Adipati Karna kang
dibiyantu déning Kalabendana. Pamané iki wis janji ora arep munggah swarga
tanpa bareng ponakan kang paling disenengi. Crita Gathotkaca Gugur klebu
crita sing miris lan kebak adhegan perang kang apik.
Janamejaya
Wonten salebeting wiracarita
Mahabharata,
Janamejaya (Sansekerta: जनमेजय; Janaméjaya) inggih punika raja
saking Krajaan Kuru,
ingkang pusat pamarintahanipun kanthi nama Hastinapura[1].
Panjenenganipun putra saking Maharaja Parikesit,
ugi buyut Arjuna[1].
Saduluripun Janamejaya wonten tiga, kadosta Srutasena, Bimasena kaliyan Ugrasena[2].
Janamejaya punika anggadhahi kalih putra, inggih punika Shataaneek dan
Shankukarn[2].
Panjenengapun
dipundadosaken raja wiwit taksih nem, amargi ramanipun seda dipuncakot Naga Taksaka[1].
Nalika Janamejaya mangertosi menawi ramanipun seda dening naga Taksaka, lajeng
panjenenganipun Yagya ingkang dipunwastani Sarp Yagya (Snake Yagya)[2].
Wonten ing Yagya punika, Janamejaya mutusaken badhe ngorbanaken sedaya naga,
ugi kaliyan Taksaka. Saklajengipun Yagya-nipun dipunwiwiti, Aahuti
dipunaturaken kangge dhawuhi naga, alit-ageng, sepuh-nem, jaler-estri, para
naga lajeng dhawah wonten salebeting geni
Karna
Adhipati Karna
Adhipati Karna utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga
(Awangga), negara cilik kebawah negara Astina. Garwané asma Dèwi Surtikanti, putriné Prabu Salya ratu
ing Mandaraka. Dèwi Surtikanthi iku mbakyuné Dèwi Banowati (garwané Prabu
Duryudana), mula ing padhalangan Prabu Duryudana yèn ngaturi Prabu Karna,
"Kaka Prabu Karna" utawa "Kaka Adipati Karna".
Adhipati Karna iku
sedulur Janaka
kang tunggal ibu nanging séjé rama. Ramané adhipati Karna iku aran Bethara
Surya, déné yèn ramané Janaka iku Pandhu Déwanata, ibuné padha-padha Dèwi
Kunthi.
Patuladhan saka
dhèwèké nalika ana perang Baratayuda adhipati Karna iki ora mbéla marang
prajurit Pandhawa, nanging sabiyantu marang prajurit Ngastina, jalaran dhèwèké
kepéngin males budi kabecikan marang raja ing Ngastina iya Sang Prabu Duryudana.
Duk rikala semana
adhipati Karna lunga saka praja disiya-siya déning ibuné, malah kelakon
dilarung ing Bengawan Swilu gangga, sawusé ngancik diwasa arep mèlu mupu
sayembara panah waé ora olèh, dupèh dudu putrané raja, rikala iku banget
lingsemé lan lara atiné adhipati Karna, ing wektu iku uga Duryudana
banjur maringi tanah perdikan ing Angga lan ngiras pantes diepèk dadi putra
angkaté raja ing Ngastina mau. Ing sajroné ati adhipati Karna aprasetya,
"Iya seksènana bumi langit saisiné mbésuk kapan kelakoné aku bakal mbéla
marang wong kang bisa paring dalaning kamulyan uripku iki".
Karna pancèn putrané Bathara
Surya
lan Dèwi Kunthi,
mula Karna iku klebu drajating Wasu, yakuwi manungsa setengah déwa.
Mula ora mokal yèn Karna kasinungan kadigdayan kang linuwih. Prigel ulah
warastra (jemparing) prasasat timbang karo keprigelané Arjuna.
Kejaba panah Kuntawijayadanu (Kunta Druwasa), pusakané Karna wujud keris aran
Kiai Kaladete (yèn ing padhalangan gagrak Sala sinebut Kiai Jalak). Aji-ajiné
Karna yaiku aji Kalalupa (bisa ngetokaké buta akèh banget), lan Naracabala
(bisa ngetokaké gegaman manéka warna).
Tembung Karna
kuwi dhéwé sejatiné nduwéni teges kuping, amarga lairé seka kuping.
Critané mangkéné: nalika Dèwi Kunthi isih kenya naté meguru marang resi Druwasa
kang sekti. Karo sang resi Druwasa, Dèwi Kunthi diparingi mantra panggendhaming
déwa aran Adityahredaya iya Punta Wekasing Rasa Tunggal Sabda Tanpa Lawanan,
kang dayané yèn diwateg bakal nekakaké déwa sing lagi sela. Welingé sang resi,
Dèwi Kunthi ora éntuk ngrapal mantra kuwi sembarangan, yèn perlu temenan waé.
Amarga péngén ngerti kasiaté mantra kuwi sawijining dina Dèwi Kunthi ngrapal
mantra saka sang resi. Kabeneran Déwa sing lagi sela yaiku Bhatara Surya
kang nguwasani srengéngé. Kocap kacarita Bhatara Surya seneng karo Kunthi.
Nalika ngerti yèn Dèwi Kunthi anggarbini banjur Bhatara Surya mbudidaya supaya
jabang bayi bisa lahir tanpa liwat guwa garba. Kanthi kasektenané Bhatara Surya,
si jabang bayi bisa dilairké saka kuping utawa karna. Mula banjur diparingi
asma Karna. (Basukarna).
Bayi Karna nuli
diwadhahi kendhaga, banjur dikelekaké ing bengawan Gangga. Ing tembé bayi Karna
ditemu déning kusir Adhirata.
Nanging miturut crita
padhalangan jabang bayi Karna dadi puta angkaté Prabu Radeya ratu ing
Pethapralaya. Sawisé diwasa Karna bisa jumeneng ratu ing Awangga, amarga bisa
ngalahaké Prabu Karnamandra (Kala Karna), ratu ing negara iki. Patihé Karna
asmané Patih Adimanggala (Surahadimanggala).
Ing perang Bharatayudha,
Karna mbélani Kurawa.
Satria iki ngerti yèn sejatiné Kurawa kang salah. Nanging dhèwèké ngugemi jejer
ing satriya kudu mbela sapa wong sing mbiyèn mbela dhèwèké. Ing perang kuwi,
Karna bisa maténi Gathotkaca nganggo pusaka Kuntowijoyondanu. Dhèwèké uga méh
maténi Arjuna.
Nanging panahé luput amarga Prabu Salya nyendhal jarané. Salya nalika iku dadi kusiré
Karna, kang sejatiné mantuné dhéwé. Déné Arjuna dikusiri déning Kresna.
Lakon iki kondhang kanthi irah-irahan Karna Tandhing amarga Arjuna uga
macak kaya Karna. Ing kéné, Karna mati kena panahé Arjuna, kyai Pasopati.
Adhipati Karna iku
salah sijining tokoh wayang sing kalebu antagonis ning bisa diarani simpatik.
Dhèwèké bisa kaanggep anti hero. Kaya déné Kumbakarna,
Adhipati Karna asring dadi panutan ing perkara nasionalisme.
Kunthi
Dèwi Kunthi
Kunthi utawa Dèwi Kunthinalibrata
utawa Dèwi Kunthi ing carita Mahabharata
iku putri Prabu
Kuntiboja. Putri iki seduluré Basudéwa
(bapaké Baladéwa),
Kresna
lan Subadra.
Dewi Kunthi iku ibuné Yudhistira, Werkodara, lan Arjuna lan uga bojo pisanané Pandhu
Dewanata. Saliyané seka Pandhu, Kunthi uga peputra Karna seka
sesambungané klawan Bathara Surya.
Asal-usul
Bapaké Kunthi iku
Raja Surasena
seka Wangsa Yadawa,
lan wiwit bayi kaparingan jeneng Pritha|Pritha. Banjur, dipèk anak déning Raja Kuntiboja.
Wiwit kuwi Pritha nganggo jeneng Kunthi|Kunthi..
Lelampahan
Nalika Kunthi isih
mudha, dhèwèké kaparingan mantra seka Resi Durwasa
supaya bisa nekakaké dewa-dewi. Sawijining dina, Kunthi nyoba ngundhang Bathara Surya.
Surya pancèn terus rawuh lan banjur ndangu apa sing dikarepaké Kunthi. Kunthi
malah nyuwun supaya Surya kondur waé. Amarga Kunthi wis ngundang nanging ora
ana kekarepané, Surya mènèhi anak. Kunthi rumangsa ora butuh anak amarga isih
prawan. Anak didèlèhaké ing kranjang lan dikèntiraké ing kali Aswa. Anak kuwi
banjur ditemokaké déning kusir kraton Astina
sing jenengé Adirata.
Anak kuwi diparingi jeneng Karna.
Kunthi banjur dhaup
klawan Pandhu,
raja ing Astina
nanging ora nduwé anak. Saliyané karo Kunthi, Pandhu uga dhaup karo Madrim|Madrim.
Nalika Pandhu kudu urip ing alas, Kunthi ngetokaké mantrané manèh. Kunthi
ngundang telung dewa lan nyuwun putra. Putra pambajeng Yudhistira||Yudhistira
seka dewa Yama,
keloro Bima
seka Dewa Bayu,
lan katelu Arjuna
seka dewa Indra.
Madrim uga banjur diajari migunakaké mantra kuwi lan peputra kembar: Nakula
lan Sadewa,
seka dewa Aswin.
Putra lima mau banjur kawentar kanthi sebutan Pandhawa|Pandawa.
Sasédané Pandhu lan
Dewi Madrim, Kunthi ngemong Nakula lan Sadewa, anaké Pandhu seka Dewi Madrim.
Sarampungé Bharatayuddha, dhèwèké lan sedulur ipéné, Dretarastra,
Gandari,
lan Widura
lunga tapa nganti tilar ndonya.
Nakula
Nakula iku sawijining paraga Mahabharata.
Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom
Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge
bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan
Batara Aswi , dewane tabib. Satriya iki salah sijine Pandhawa
lan nduwe kembaran kang jenenge Sadewa. Beda karo Yudhistira,
Werkudara,
lan Janaka,
Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim.
Nalika Pandhu
palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair seka wetenge kang suwek
dening keris.
Raden Nakula kuwi satriya
kembar kemanikan. Sedulur kembare aran Raden Sadewa iya Sahadewa. Sekarone
putrane nata ing Astina, Prabu Pandhudewanata, lan mijil saka garwa Dewi
Madrim, kadang enome Raden narasoma iya Prabu Salya nata ing Mandaraka.Ing Mahabharata,
Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih
padha cilik-cilik, Nakula kuwi arane Pinten, lan kembarane Sadewa aran Tangsen.
Pinten iku sejatine jeneng tandhuran kanmg godhonge bisa kanggo obat, Kaya
jenenge, Nakula lan sadewa lantip ing babagan obat-obatan amraga satriya
sakloron kuwi titise dewa kembar, Bathara Aswan lan Aswin, dewane tabib.
Satriya sakembaran iku klebu sedulur nunggal rama seje ibu yen karo Prabu
Puntadewa, Werkudara lan Arjuna. Lan satriya lima kasebut kawentar kanthi aran
Pandhawa. Kekarone setya lan bekti banget marang para kadhang sepuhe, senadyan
seje ibu. Prabu Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna mijil saka ibu Dewi Kunthi.
Nalika dumadine perang
baratayuda, Prabu salya melu Kurawa. Siji mbaka siji senopati Kurawa padha
gugur. Nganthi Prabu Salya piyambak sabanjure nyarirani pribadi dadi senopati
agung. Jalaran Prabu salya iku iya isih marasepuhe Prabu Duryudana, nata
Astina. Nalika mireng yen kang madeg senopati agung Prabu salya, para Pandhawa
padha bingung. nanging botohe Pandhawa sing sugih pratikel, Prabu Kresna banjur
dhawuh marang Nakula lan Sadewa supaya marak ing ngarsane Prabu salya, api-api
nyuwun dipateni wae. Mesthi wae Prabu Salya ora mentala mateni perunane kuwi.
Malah banjur atine rumangsa keranta-ranta merga kelingan amarng adhine (Dewi
Madrimm) kang wis sedha bela pati marang Pandhu lan ninggali bayi kembar kang
isih abang, yakuwi Pinten lan tangsen iku. Mung merga saka beciking pakartine
Dewi Kunthi, bayi kembar kuwi nadyan dudu putrane dhewe tetep digula wentah
kanthi kebak rasa tresna asih tanprabedha karo anake dhewe.
Jroning bathine,
satemene Prabu salya luwih tresna lan abot marang para Pandhawa kuwi ketimbang
marang mantune. Lan saliyane trenyuh bareng ndeleng Nakula-Sadewa, Prabu Salya
uga banjur kelingan marang marasepuhe, Begawan Bagaspati sing sedane merga saka
pakartine Sang Prabu Salya duk isih enome. Sang Begawan nalika sedane ninggal
suwara yen babak nagih janji lumantar ratu kang kasinungan ludira seta, sing
ora liya Prabu Puntadewa.
Mula Salya banjur
paring dhawuh marang nakula-Sedewa supaya bali, lan meling supaya sing methuake
yudane, Prabu Puntadewa. Temenan, bareng tempuking yuda, Prabu Salya nglilakae
patine nalika adu arep karo Prabu Puntadewa. Aji-ajine aran Chandabirawa ora
kuwan nyedhaki Prabu Puntadewa lan banjur ilang musna. Prabu Salya akhire sedha
disawat pusaka Jamus Kalimasada. Kasatriyane Nakula kuwi ing
Sawojajar, dene Sadewa ing Paweratalun. Garwane nakula kekasih Dewi
Srengginiwati kang banjur peputra Dewi Sri Tanjung. Dene Sadewa nggarwa Dewi
Srenggini kang sateruse peputra Bambang Widapeksa (Suwidapaksa). Dewi
Srengganawati lan Srenggini iku putrane Sang Hyang Badawanganala, dewane bulus,
ing Narmada Wailu. Ing lakon Sudamala utawa Durga Ruwat, dicritakake yen akhire
sawise klakon ngruwat Bathari Durga, Nakula-Sadewa palakrama anthuk Endhang
Suka lan Pradapa, kekarone putrine Resi Tambrapetha saka pratapan Prangalas.
Kekarone banjur peputra Raden Saluwita, Pramusinta lan Pramuwati. Yen pinuju
pisowanan ing Amarta lungguhe Nakula Sadewa ngapit ingkang raka Prabu Puntadewa
lan kekarone padha ngapurancang.
Pandhawa
Para Pandhawa Lima
(basa Sansekreta: Pañca Pāṇḍava) iku
Prabu Yudhistira,
Bima,
Arjuna,
Nakula
lan Sadewa.
Lima paraga iki
turunané Prabu Pandhu
kang dadi raja
ing Astina.
Pandhu disepata dening dewa bakal mati yèn saresmi karo garwané. Pandhu nerjang
wewaler lan banjur mati. Dewi Madrim, garwané, mèlu belapati, kamangka
nalika iku lagi nggarbini. Nalika suduk salira iku lair Nakula lan Sadewa kang
kembar. Déné Yudhistira, Bima lan Arjuna lair saka Dewi Kunti. Sadurunge karo
Pandhu, Dewi Kunthi nate nglairake bayi kang banjur diwenehi jeneng Suryatmaja.
Pandhawa dadi satru Kurawa
ing Bharatayudha.
Dene, Suryatmaja melu Kurawa nglawan sedulur-sedulure dhewe.
Pandhawa ing budaya
Jawa, mlebu wong-wong kang kudu diruwat. Yen ora diruwat bakal
dipangan Bathara Kala.
Silsilah
Pandhawa menika
cacahipun gangsal sedherek, tiga antawisipun (Yudistira,
Bima, lan Arjuna)
menika putra Pandu saking ibu Kunti, dene (Nakula lan Sadewa) menika putra saking ibu Madrim.
Panitisan
Miturut tradhisi Hindu, Pandhawa
menika panitisanipun dewa:
- Yudistira titisan Dewa Yama, dewa akhirat;
- Bima titisan Dewa Bayu, dewa angin;
- Arjuna titisan Dewa Indra, dewa perang;
- Nakula lan Sadewa titisan dewa kembar Aswin, dewa tabib.
Puntadewa
Inggih punika Raja
ing Amarta utawi Indrapasta. Sawise perang Bharatayuda
Puntadewa
dados raja ing Astina
kanthi gelar Prabu Kalimataya. Puntadewa kagungan julukan antawisipun :
Darmawangsa, Darmakusuma ,Kantakapura, Gunatalikrama, Yudistira, lan Sami Aji.
Priyantung ingkang jujurr, sareh, suci, luhur, remen tinulung, tresna tumrap
tiyang sepuhipun saha njagi sederek-sedererekipun. Gadahi pusaka kanthi aran Jamus
Kalimasada, ingkang paedahipun saged dados pituduh lan pinulung
tumrap kesaenan lan kesejahteraan. Puntadewa gadah garwa kalih yaiku Dewi Drupadi
lan Dewi Kuntulwilaten.
Bratasena
Nalika dewasa
asmanipun Werkudara, inggih punika ksatria Jodipati lan Tanggulpamenang. Nate
dados raja Giliwesi kanthi gelar Prabu Tuguwasesa. Kagungan julukan
antawisipun : Bima, Bayusutu, Dandun Wacana, Kusuma Waligita. Piyantun
ingkang jujur, boten gumedhe, suci, manut tumrap gurunipun (terutama
Dewaruci)l, tresna tumrap ibu saha sederekipun. Nalika perang gadah jargon
“Menang, nalika kalah berarti mati”. Panjenengane pantes dados panutan amargi
kagungan sifat kang jujur lan suci panggalihipun. Kagungan pusaka kanti aran
Kuku Pancanaka ing tangan kanan lan kiri migunani, kukuh sanget saha landhep.
Uga kagungan kekuatan gangsal angin, serta saged ngancuraken gunung. Kagungan
kalih prameswuri yaiku: Arimbi dan Nagagini. Kaliyan Arimbi
pikantuk putra yaiku Gatotkaca, ingkang saged mabur boten ngagem sewiwi. Saking Nagagini
angsal putra kanthi asma Antasena ingkang saged mlebet ing bumi lan kagungan kuwasa ing
samodra. Bratasena nalika lair kabungkus. Lan ingkang saged nyowek bungkusan
wau yaiky Gajah Situ Seno. Nalika samanten Gajah Situ Seno mlebet ing raganupin
Bratasena, saengga kagungan kekuatan luar biasa lan saged nyowek bungkusan wau.
Arjuna
Inggih punika Ksatria
Madukara,
raja Tinjomaya ugi. Kagungan julukan ingkang kathah antawisipun : Janaka,
Parta, Panduputra, Kumbawali, Margana, Kuntadi, Indratanaya, Prabu Kariti,
Palgunadi, Dananjaya. Priyantung ingkang remen lung tinulung, remen tapabrata,
cerdik lan pinter, ahli ing kabudayan lan kesenian. Arjuna inggin punika
ksatria ingkang sekti mandraguna. Kekasining para Dewa, panjalmaning Dewa Wisnu.
Kagungan gawra ingkang kathah kamangkan kagungan julukan “Lelananging jagad”,
kagungan paras ingkang gagah lan boten wonten tandhingane. Prameswarinipun ing
Arcapada yaiku Wara Sumbadra dan Wara Srikandi.
Lan prameswari ingkang sanesipun inggih punika Rarasati, Sulastri, Gandawati,
Ulupi, Maeswara, lsp. Ing Jonggrang Saloka panjenengane gadah prameswari inggih
punika Dewi Supraba, Dewi Dersanala inggih punika widodari ing Tinjomaya.
Priyantun ingkang kagungan watak ksatria, luhur budinipun, remen lung tinulung,
sarta demenaning para Dewa.
Nakula
Inggih punika putra
kapapat Prabu Pandu
Dewanata kaliyan Dewi Madrim ingkang lair sesarengan kaliyan Sadewa.
Rama lan ibunipun tilar donya nalika penjenengane tasih alit. Mangka
penjenengane dipunrawat dening Dewi Kunti
kanthi boten mbenten-bentenaken. Sawise perang Bharatayuda
Nakula
lan Sadewa
dados raja ing Mandraka kaliyan Sadewa. Kagungan julukan Raden Pinten. Nakula
prigel ing pertanian. Nalika perang Bharatayuda,
panjenengane ingkang saged ngluluhaken manahipun Prabu Salya.
Sebab Prabu Salya
tasih sederekipun Dewi Madrim, lan sejatina panjenengane tansah
sarujuk ing kabecikan Pandhawa. Mangka Prabu Salya
maringi pirsa tumrap Nakula lan Sadewa dene ingkang saged ngalahaken panjenengane inggih
punika Puntadewa,
sebabPuntadewa
kagungan getih pethak.
Sadewa
Putra kaping
gangalipun Prabu Pandhu
kaliyan Dewi Madrim,
dilairaken sesarengan kaliyan Nakula. Sawise perang Bharatayuda
dados raja ing Mandraka sareng kaliya Nakula.
Nalika alit kagungan asma Raden Tangsem. Prigel babagan peternakan. Kagungan
prameswari Endang Sadarmi, putrinipun Begawan Tembangpetra pertapa ing
Parangalas, kagungan putra kanthi asma Sabekti’.
Pandhu
Prabu Pandhu iku ratu ing Astina
(Ngastina), putrane Begawan Abyasa (Wiyasa) lan Dewi Ambiki, putri saka negara Kasi
(Swantipura), randhane Prabu Wicitrawirya. Pandhu duwé kadang tuwa, asmane Dhestharastra,
uga putrané Begawan Abiyasa karo Dewi Ambika (kadangé tuwa Dewi Ambiki),
randhané Prabu Citragada. Dhestharastra duwé cacat netra (wuta), déné Pandhu
duwé cacat tengeng guluné lan rainé pucet. Prabu Pandhu wiwit timur wis kaloka
kadigdayané. Nalika lair naté dadi srayané déwa nyirnakaké mungsuh kahyangan:
Prabu Nagapaya, ratu ing Kiskendhapura. Merga lelabuhané iki, Pandhu antuk
nugraha jamang kencana sing tinretes barliyan, panah pusaka aran Ardhadedali
(Hrudadedali) kang ing tembé dadi pusaka Arjuna, lenga Tala, lan dikeparengaké
nganggo sesebutan Dewanata iya Dewayana.
Jumeneng
nataSunting
Prabu Pandhu jumeneng
ratu ing Astina nglintir kalenggahane ramane (Begawan Abiyata iya Prabu Kresnadipayana).
Prabu Pandhu jejuluk Prabu Pandhudewanata, Pandhudewayana, iya Prabu
Gandhawastra. Garwané Prabu Pandhu ana loro: 1 Dewi Kunthi
Talibrata, putrine Prabu Kuntiboja saka Mandura,
2 Dewi Madrim,
putriné Prabu Mandrapati saka Mandaraka. Saka garwa loro mau peputra cacah lima
kakung kabèh kang sinebut Pandhawa. Pandhawa saka linggané tembung Pandhu lan
"hawa", tegesé putané Pandhu. Satriya lima kuwi : Puntadewa
(Yudhistira), Werkudara (Bima), lan Arjuna saka Dewi Kunthi, déné Nakula lan Sadéwa (kembar) putra
saka Dewi Madrim. Aji-ajine Prabu Pandhu aran Lindhupanon, yen diwateg sing
ketaman sanalika mumet lan bingung, Blabag Pangantol -antol lan Wungkalbener
(aji aji iki dilintirake marang Patih Gandamana sadhurungake dilintirake marang
Bratasena). Kejaba dadi muride Prabu Pandhu, Raden Gandamana disengkakakee
ngaluhur jumeneng dadi patih lan senopati ing negara Astina. Negara Astina
diasta Prabu Pandhu dadi negara kang gedhe lan loh jinawi. Ora ana parangmuka
kang wani nekani.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar